TEPANG KALIAN DESA TENGANAN BALI
Desa
Tenganan inggih menika desa ing Bali
ingkang taksih nglampahi pagesangan leluhuripun rumiyin. Kanthi mekaten wonten
ing Bali desa menika kasebat kalian Bali Aga utawi Bali asli. Ingkang kasebat
Bali Aga sanesipun inggih menika desa Trunyan lan Sembaran. Desa ingkang mapan
ing Kecamatan Manggis, Kabupaten Karang asem menika taksih kenthel nglampahi
aturan-aturan (awig-awig) tradisional
adat Bali. Ingkang taksih kenthel dipunlampahi
inggih menika bab pagesangan ingkang nyakup budaya, basa, lan padamelanipun.
Budaya
Bali taksih kenthel ing Tenganan menika. Desa menika nggadhahi awig-awig ingkang kedah dipunhurmati lan
dipunlampahi dhateng sedaya masyarakat
Tenganan. Miterat I Wayan Sunarta (8/10) Tiyang ingkang boten nglampahi
aturan adat Bali menika dipunmedalaken saking Desa menika. Aturan adat ingkang
taksih kenthel sanget dipunpampahi inggih menika sistem perekonomian mawi barter. Masyarakat Tenganan kanthi umum
nglampahi kegiatan ijol-ijolan barang menika. Sanesipun budaya masyarakat Bali anggenipun
nikahaken putra- putrinipun kalian pasangan ugi kedah kalian tiyang saking desa
Tenganan menika piyambak. Menawi boten saget dipunmedalaken saking Tenganan.
Aturan
adat kagem tiyang ingkang sampun balig dipunasmani methathah. lih methathah
inggih menika upacara pangur waja. Wajanipun dipunrapeaken, waja taring
dipunkikir supados rata lan sami kalian waja seri. Kanthi menika tiyang Bali
saget dipunwastani dewasa. Budaya menika menawi ing masyarakat Jawa sami kalian
upacara khitanan. Bentenipun menawi ing mrika tiyang boten wonten ingkang
dipunkitan, ananging mawi methathah kala wau.
Padamelan
penduduk ing Tengganan menika nenun, Masyarakat misuwur kanthi kain tenunipun
ingkang sae lan nggadhahi kualitas. Kainipun saget nggadhahi regi nem atus yuta
saben satunggal kain. Boten gumun kain ing Tenganan menika kasebat kain klasik,
umumipun ingkang mundhut menika para wisata asing. Kainipun ugi boten saget
pudar werninipun, saha awet. Padamelan sanesipun inggih menika ndamel
kerajinan. Kerajinan menika ngasilaken perabot dalem lan ingkang umum menika
saget damel tas. Saben tas reginipun Rp 250.000,00. Menika regi ingkang paling
mirah. Penduduk ugi dagang barang- barang antik kadosta topeng Bali, lontar
ingkang kagem nyerat, seni hias ing tigan, ngantos dumugi ing pitik. Pitik
ingkang dipunsade menika boten asal pitik, ananging saking fisik-ipun pitik
menika nggadhahi werni, biasanipun
warna ping kalian kuning. Mayarakat ngandharaken bilih pitik menika boten
sekedar pitik ananging dipunsebat rajaning pitik.
Menawi
tiyang nembe mlampah ing desa Tenganan menika, saget ugi sumerep kalian kewan
kebo. Kewan menika boten dipuntali. Menawi dipuntingali kanthi tebih, kebo
menika kados dene patung, ananging menawi dipunpirsani kanthi caket menika kebo
saestu ingkang sampun manut.
Anggenipun bebuang menika wonten ing selokan alit warga. Kados dene kebo
ingkang sampun dipunjinaaken dening ingkang nggadhahi. Mungalipun kebo menika
boten kagunganipun keluarga ingkang manggen. Kebo menika dhateng piyambak
saking alas sak leripun desa menika. Kebo menika boten mesthi wonten ing desa
Tenganan, kadhang wonten kadhang ugi boten. Menawi badhe upacara ageng ing
saben taunipun, kebo menika saget dhateng piyambak ing upacara supados
dipunbelih kagem tumbal. Boten mawi birakkan ananging saget mapan piyambak ing
papan mbelehipun. Menika keunikan ingkang wonten ing desa Tenganan.
Desa
ingkang nggadhahi cacah pangarsa keluarga 300 menika kasebat desa ingkang eksotik mawi unsur budaya ingkang
wonten. Bok bilih jaman sakmenika sampun ing jaman modern ananging Tenganan
tetep saget nglestantunaken murninipun sedaya pagesangan Bali. Menawi
piyambakipun pikantuk pamrayogi saking njawi, masyarakat boten langsung
pitados. Masyarakat langkung ngurmati lan nyepeng kenceng awig-awig ingkang wonten. Menika salah satunggaling bukti bilih
Bali menika nggadhahi budaya adat ingkang inggil lan klasik.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar