Pambukaning Atur

Sugeng Rawuh, lan Sugeng Maos,

Blog menika kaserat kagem sinau nyerat ing Basa Jawi. Temtu kemawon taksih kathah kekirangannipun. Pamanggih pamiarsa sanget kula betahaken, pramila sumangga kersaa paring pamrayogi ing komentar.

Maturnuwun

Senin, 25 November 2013

Resensi Novel Jawa "Nglari Woting Ati"



1.      Data buku utawa Identitas buku
a.      Irah - irahan buku                         : Nglari Woting Ati
b.      Panyerat                                       : Fitri Gunawan (Kushartati)
c.       Penerbit                                        : Q Publiser
d.      Cithakan dan tahun penerbit           : Cetakan I, November 2012
e.       Kandel buku lan cacah kaca          : 21 x 12,5 cm, 182 kaca
f.       ISBN                                             : 978-602-98256-8-8
   

2.      Judul resensi : Urip ing katresnan
3.      Ikhtisar wosing buku
Sakwise maca buku kanthi irah irahan Nglari Woting Ati panilise Fitri Gunawan, akeh pasinaon kang iso dijupuk.  Nglari Woting Ati yaitu novel terusan carita saka novel Ing Manila Tresnaku Kelara-lara, kang pangripta dening Suparto Brata ananging diserat dening Fitri Gunawan. Kawiwitan saka ngentha – entha artine irah - irahan Nglari Woting Ati. Nglari iku dudu basa Jawa Jogja nanging basa Jawa wetanan kang nduweni teges nggolekki utawa meloni. Woting ati nduweni teges sih katresnan. Dadi buku ini nyeritaake babagan mligine drama sih katresnan, sawijining tema kang ora nate dipangan jaman. Buku iki nyeritaake babagan sesrawungan keluarga sing niti karir, kanthi sukses lan terpandhang, kabeh tokoh ngatonake sekolah nganti lulus S2, S3.
Saka ukara ing judhul wus ngatonake menawa njerone ilmune sang menganggit. Mulka ya ora aneh Manawa carita ini ora gampang disemak priyayi “lumrah”. konsumsine kaum elitis, para sutresna kang mumpuni lan kagungan sangu pengetahuan kang cukup kanggo njlimeti lan ngematake isi karangan iki.
Karangan ini nggunaake basa Jawa wetanan (Surabaya), menawa diwaos marang wong sing basane Jogja – Solo mesthi wae kudu mbaleni maneh maca soale akeh kata kata sing bedo. Ora dadi ngapa pemaos tetep bisa dong, menawa maos kanthi teliti.
Ing irah- irahan ndhuwur penulis nyambungake carita iki yaiku  urip ing katresnan. Menawa diwawas kanthi wutuh Nglari Woting Ati mujudake gambaran kiprahe wong kang nduweni rasa paseduluran marang liyan. Kanthi paraga Mahardini lan garwane, pangripta ngudal gagasan – gagasan ngenani paugeraning urip ing lingkungan pendidikan.
Mahardini yaiku dosen ing Jakarta, ndue garwa Irawan saka Filipina kang kerja ing kedubes Indonesia, ndue anak siji, Arda kelas 1 SD. Diwiwiti saka entuk beasiswa nyang Washington nerusake kuliah S3. Dini nyobo mikir lan njalok pendapat ning sapa wae wong ing sakkiwa tengene. Akhire positif menyang nadyan kudu ninggal anak bojo lan wongtuwa. Dini budhal karo kanca- kancane cah 10 saka Indonesia Nyang Amerika, ing kana pisah maneh ing pirang – pirang Universitas. Olehe Dini ing WSU karo Budiarti, lan Rumanti. Ketuk kana dhewekke sarwa kelingan ngomah lah sawektu wektu mesthi hubungan karo bojo lan ibune. Wis ana ka pirang – pirang wulan sinau ing kana Dini ngrasa pingin dolan ing sedulur sing ana ing Montreal, yaiku besan saka kaluarga maratuwane Keluarga Creemers. Ing kana Dini disambut kanthi seneng mulihe digawani buah anggur akeh. Ing Wasington Dini ketemu Rudi kanca apikke jaman cilik ing sanggar tari. Dewekke uga sekolah maneh ing kana, wis ndue bojo sekolah ing Utrech ora dadi siji. Sawise ketemu ing kana Rudi uga dadi kanca apikke kanca curhate Dini. Kisahe ing kene iso ngalir banget kaya urip ing kanyatan. Sawektu nggone sekolah Dini wis arep rampung nanging kok Irawan ora kontak marang  Dini. Dini bingung sebabe ora ana sing mara ing acara wisudane. Akhire keluarga Creemers sing teka ing wisusade, keluargane uga keluarga maratuwa ora bisa teka karana lagi gerah. Dini mulih ing Kuala Lumpur trus dipethuk kakangne ketuk ngomah lagi dicritani menawa Irawan lagi kena alangan. Dhewekke nggolekki dikancani Parikesit kakangne. Dhewekke nggolekke ning Jonaeburg, ketuk kana jebul Irawan wis dikirim bali ning Kuala Lumpur. Irawan dadi gegolekkan Dini lan kakangne, akhire bali maneh, lan nggoleki Irawan ing Rumah sakit bareng ibu, lan maratuwane. Ketuk kana jebul ana Anita mantane Irawan mbiyen. Anita uwis nikah karo Burhan ananing dudu karepe dewe. Karana kepepet masalah keluarga lan dijodohake kaya ing  kisah jamane Siti Nurbaya. Jebule Burhan iku uwonge sarwa nakal lan gonta ganti wedokan. Niate wong tuwa sing njodohake iku mau karana niat keluarga Burhan sing nduwe dendam marang keluarga Irawan, soale mbiyene Ibune irawan iku disenengi marang bapakke Burhan sing Kumawasa.
Sawektu Anita lara ing rumah sakit, mbuh keneng apa kok sakdurunge Burhan munggah Kaji. Mulihe saka kaji dewekke njalok ngapuro karo wong sak kiwa tengene kabeh awit wis gawe ra senenging ati. Anita lara banjur njaluk ketenu Dini. Ing rumah sakit Anita ngomong marang Dini yen dhewekke ijih tresna marang Irawan. Wanci kui ugaa Anita wis ra ambegan ing kekepane Dini. Dini ngrasa welas banget marang Anita, uripe wuyung terus. Sakteruse uripe Anita lan Irawan tansah mulya. Dhewekke ngedegake sekolahan utawa Universitas ing Semarang bareng - bareng karo Rudi, wong tuwane Rudi, lan maratuwane Rudi. Rame banget uripe tansah seneng lan pungkasan Dini diparingi rejeki ngandut anak sing ke loro..
      Cerita iki katon ngalir banget, ora katon ana antagonise sing nyolok, ora ana paraga ala ing petikan langsung. Ananging paraga sing ngganggu katon sethithik. Mbokmenawa sing dipesenake pangripta uwong iku tansah milih dalan urip kudu jujur lan apa enenge. Wani berkorban, lan kerja kanthi temenan, tembe mburine kasile uga katon.
4.      Unsur Intrinsik Novel
a.       Tema        : Katresnan
b.      Isi             : Uriping wong kang wus bebrayan. Menggak - menggoking perkara sing           ndadekake paraga mau kudu sabar, tawakal lan usaha.
c.       Alur          : maju mundur
d.      Setting      : Ing Amerika, Filipina, lan Indonesia
e.       Penokohan           :
·         Mahardini : Pinter, penyayang, rada keras, seneng maca buku
·         Irawan      : penyayang keluarga, sabar
·         Bu Siti      : penyayang, lembut ati
·         Bu Laras   : ati lembut, penyayang keluarga
·         Rudi         : grapyak, penyayang marang sapa wae, seneng nari (teather)
·         Keluarga Creemers           : grapyak, sumeh, penyayang
·         Arda         : penyayang, watak anak-anak

f.       Gaya Bahasa        :

g.      Amanat                :
·         marang sapadha-padha kita kudhu nduweni sifat penyayang, tulung tinulung, ndukung menawa iku apik, kudu bisa ngenei pitutur menawa wong liya lagi mbutuhake.
·         Aja nganti rasa dendam iku nganti kalantur lantur, uga menawa dilakoake marai gawe prakara lan prahara marang liyan.
·         Menawa nindaake pakaryan iku aja nganti kesusu lan kemrungsung, mundhak ndadeake prakara sing ora dikarepake.
·         Kita kudu nduweni rasa kurmat marang wong tuwa, lan mara tuwa. Wong tuwa utawa mara tuwa ora ana bedane.

5.      Format Buku
Cover buku yaiku rangkaian kembang lily sing digambar kaya mbentuk wajahing wong wadon. Katon kreatif lan apik. Warnane uga lembut kaya lembuting ati paragane. Jenis hurufe kaya Times New Roman, standar ananing katon luwih becik menawa spasine uga di jembarke. Ing buku isih katon umpuk umpukan. Kertase warnani putih lulang, katon uga lembut kepenak ing mripat.

6.      Kaluwihan lan kekurangan
a.      Kaluwihan
·         Ing babagan teknik penggaarapane pengarang  pancen wis ngatonake kelase. Katon menawa penggarapane ora ‘serampangan’  utawa mung saderma ‘roman panglipur wuyung’, nanging mesthine kanthi riset sing mateng. Iki bisa di waca saka andharane pengarang babagan pengetahuane tentang donya pendidikan psikologi kang di peranake Dini. Di andharake tokoh tokohe psikologi pendidikan, psikologi social lsp. Sing keloro babagan per filman dunia, diandharake Dini sing nduweni pangerten ngenani film – film sing ngandut pengalaman urip kang nengenake kabecikan. Sing katelu babagan penulis buku, novel. Katon saka carane pengarang ngandharake  penulis novel ing Negara- Negara manca. Ing kene katon uga saka pengetahuane pengarang ngenani babagan sekolah- sekolah sing terkenal lan apik ing manca negara kang dadi settinge carita. Ing kene babagan kabeh iku ora mung wujud tempelan, nanging nudhuhake menawa wawasane pangripta ing babagan iki cukup jembar.
·         Babagan basa, basa nggunaake basa Jawa wetanan , nanging menawa teliti bahasane gampang dimangerteni.  Akeh ing kana, nganggo selingan basa Inggris. Basane cekak- cekak dadi menawa sing maca isih awam, ora patia kangelan nggolekki tegese. Kabeh tokoh iku uripe ing sarwa kacukupan dadine kabeh tokoh kaya bapak, ibuk, anak, besan nggunaake basa Inggris ya cocok banget wong settinge ya mlebu metu negara.



b.      Kekurangan
·         Kadang basa Jawa wetanan kaya Surabaya iku, nduweni tembung – tembung kang adoh banget maknane karo basa Jawa Jogja – Sala. Kaya tembung kang kerep banget digunaake panyerat yaiku “sisihan” kang nduweni teges sandhingan/ bojo. Ananging menawa diudhal ing basa Jawa Jogja tembung sisihan iku nduweni teges kang rada ala, sebabe barang sing di sisihake iku byasane ateges ala. Dadi bisa luwih becik menawa tembung sisihan diganti tembung Bojo.
·         Tembung lia kang ambigu yaiku tembung “ampun” ing basa Indonesia ampun iku nduweni teges ‘jangan’. Ananing ing kaca 127, “Ampun mbok, niki mawon, pun cekap!”. ing kono ‘ampun’ nduweni teges ‘uwis’. Adoh banget tegese, mbok menawa Ampun iku ing basa Jawa wetanan tegese uwis, ananging luwih becik menawa diganti ‘sampun’ supaya ora dadi ambigu.
·         Mbok menawa iki pengarang salah nyebutke jeneng tokoh. Ing kaca 52, “… Mr. lan Mrs. David Cremeers, Steve, Linda, Rumanti, lan aku”. Mbok menawa jeneng Rumanti iku salah, kudune Budiarti, soale sing dijak Mahardini lunga ing keluargane yaitu Budiarti. Panyerat muga besuk bisa luwih teliti maneh anggone nyerat.
·         Sing kayane rada adoh saka kenyataan, wong sing nduweni rasa padha katresnaning marang bojo, nanging wektu pasangane karo wong liya mesra kok ora nduweni rasa cemburu setitika. ing carita iki katon banget nalika, Dini ing pentas Bambang Cakil karo tokoh Rudi, Rudi sing akeh improvisasi ngrayu ndemok Dini, Irawan bojone ora nduweni rasa cemburu. Carita liane sanalika Irawan lara, mantane nangis- nangis, nyekel tangane karo ngarasi ananging Dini ora nduweni rasa cemburu sathithika. Sifate Irawan lan Dini sing ing kana di andharake padha bebojo lan nduweni sih katresnan sing dhuwur. Iki adoh banget saka kanyatan. Mbok menawa iki idene pangripta sing nduduhake menawa tokoh kasebut nduweni pakercayan yen bojone ora aneh-aneh lan setia. Ananging in kana uga ana sifate Dini sing nduweni rasa wedi wektu nampa telpun saka sing nyenengi bojone. Aneh wong weruh bojone diarasi we ora cemburu, kok nompo telpun saka sing nggandrungi bojone malah wedi.
·         Rasa kaget campur senenge sanalika Dini weruh bojo lan anakke nggolekki dewenne nyang Washington kurang ngenei greget. Basa ne bisa ditambah supaya pamaos bisa ngrasaake terharu lan terenyuh. Kadadean iki uga ana ing kaca 94, nalika Dini njerit. Rasane kurang greget ngrungoake critane Kesit menawa njerite ora di katoanke. Coba menawa dikatonake terus diimbuhi tembung tembung sing bisa narik kawigaten pamaos.
·         Ing kaca 22 babagan paclathon Inggris lan kaca 64 babagan lagu, mbok menawa panulis supe anggone nyerat miring (italic).
·         Paclathone keluarga Creemers sing penduduk asli Amerika kok nganggo basa Jawa, luwih natural menawa nggunaake basa Inggris. Tuladha liya yaiku Juri S3 ne Dini, kok pitakon ujiane uga nggunaake b Jawa, wong asal jurine saka Negara manca kabeh. Menawa paraga sing saka Indonesia apa sing mlebu metu Indonesia iku isih wangun nggunaake baja Jawa lan Inggris.

7.      Jati diri panyerat
Kushartati, penulis kelairan 20 Mei 1948, ing Kediri, terkenal ing jagating panulisan. Diwiwiti kanthi nulis carita bocah ing Harian Suara Rakyat Surabaya (1962), nalika kelas 2 SMP 1 Kediri. Dibacutake nulis opini ing Koran Minggu pagi (Jogja). Wiwit tahun 1968, nalika isih mahasiswa, nulis cerita cekak ing Panyebar Semangat, Irah orahane Inagurasi. Sabanjure nulis fiksi arupa Cerpen (Cerita Pendek) ing Majalah selecta Group, kang dumasi saka selecta, Detectif, lan Romantika, Senang lan ideal, nganti tahun 1975 kasil ngranggeh Juara II Lomba Nulis Cerita Cekak Basa Jawa sa Indonesia kang diadani dening Dewan Kesenian Surabaya (DKS). Uga nate nulis Cerpen ing Femina (1979). Tahun 1982 nulis Crita Sambung (Novel) Intan, dipacak ing harian Memorandum (Surabaya).
                        Ing basa Jawa kasil nulis Dwi Tunggal “Ing Manila Tresnaku Kelara-lara” dipacak ing kalawarti Basa Jawa Damar Jati, Jakarta lan “ Nglari Woting ati”. Penulis iki ngakoni, jroning nulis fiksi luwih seneng nggunaake jeneng singlon : Kus Brotoduharjo (nalika isih Kenya) yen nulis ing selecta Group, Ibune Pandu (ing Jaya Baya) lan Fitri Gunawan , kang mujudake rangken jenenge anakke loro. Jare, kanthi jeneng singlon rumangsa luwih sreg nulis ekspresi jiwa lan imajinasine.
                        Sakwise pension saka pegawai 1 Juni 2004, wiwit 1 Juli 2005 Kus dipercaya dadi redaktur Majalah Basa Jawa Damar Jati, kang mapan ing Jakarta, nganti Oktober 2008.

8.      Kesimpulan
Urip ing donya iku mesthi ana sing susah lan nyenengake, kadhang bisa bungah uga bisa kelara-lara. Wong sing nengenake katresnan kanthi kejujuran iku mesthi kasil uripe luwih mujur lan apik. Aja seneng nduweni lelakon dendam, sebab iku bisa ndadeake wong liya nandang prahara.
Buku iki ngandhut pesen kang apik kanggo ngaurip. Cocok diwaca sapa wae, bocah, remaja, dewasa, becik uga kanggo wong tuwa.  Sugeng maos.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar