“Krengket.. krengket… krengket..”, pite Pak
Karto muni, rasane nambah nyesueni
anggone lunga menyang ratan. Sore iku sajakke Pak Karto arep lunga menyang toko
arep tuku cet. Pak Karto arep ngecet omahe maneh sing cete wus arep ilang.
Sakwise ketuk ratan gedhe trus nyabrang mengidul.
“Iki
kok rame tenan yo dalane, eneng apa wong-wong padha ngidul ?”, batine Pak Karto.
Sak wise tekan ratan gede dhewekke weruh wong – wong neng dalan Parangtritis
iku wis kaya semut nggremet. Batine takon eneng apa kok dalane rame banget.
Sakwise
Pak Karto ketuk tokone banjur tuku lan bali. Cete dikekke planthang ngarep,
terus ditali kenceng. Baline tansah
ngati – ati tenan, soale mlaku ngalor nglawan arus mengidul sing rame mau. Enggone bali isih karo mikir ana apa kok
dalane katon sesegan. Ana wong sing nganggo sorjan lurik trus jarikkan, ana
wong dho nggo mbayakkan, ana sek nggawa kaya sesajen lan gunungan, ana sing
biasa wae lunga mengidul karo anak bojone.
Ora
let sue ngepit mengalor dhewekke
pethukan karo Suto sing ngepit seko lor uga mengidul. Suto iku kanca
kenthel lan tanggane Pak Karto. Suta uga weruh Pak Karto banjur Suta mandheg,
nyabrang marani Pak Karto, Pak Karto uga mandheg.
“
kok mruput To, seko ngendi?” aruh - aruhe Suta.
“
Oalah koe mau ki tak kira sapa e, lagi bar tuku cet. Iki ki kok dalane rame
banget ta ?” celathune Pak Karto sing takon karo Suto
“We
lha mosok ra ngerti , kelingan ora saiki malem 1 Suro. aku arep menyang pesisir
melu ora?” Suto nanduki.
“Wee,
iyo po ? Mulakneo kok ana wong kang nggawa sesajen, aku kok ya lalie. Nek reti
ngono aku menyang ket awan mau no karo ndelok. Ya wes saiki aku tak melu koe
wae senajan kesoren, e mbok menawa isa ketemu Nyi Rara Kidul sing ayu”,
tanggepane Pak Karto sing nyaguhi melu Suto menyang pesisir.
Kanthi
madep mantep, akhire Pak Karto karo Suto menyang bareng tumuju ing Pesisir
Parangtritis.
Wektu
wis arep tekan pesisir, Pak Karto pethukan wong wadon setengah umur nanging jan
isih ayu tur seger. Rasane sajak kepethuk widodari kang mudhun saka khayangan.
Luwes penganggone jarikan lurik, kebayak broklat kang pas karo pakulitane. Wong
wedok mau mesem marang Pak Karto. Pak Karto uga nyauri mesem sajak kesengsem.
Ing atine Pak Karto menawa wong wadon
mau gelem, arep dipek bojo. Dhasare Pak
Karto uga wis duda pitung taun di tinggal mati bojone wektu nglairke anak sing
kapindho. Wong wadon mau ngerti opo sing dipikirke Pak Karto banjur takon,
“Sarengan
kula njih, kula nderek menawi badhe ngidul ?”, kaya ngapa senenge Pak Karto di
ruruhi wong wadon iku.
“Wah,
keleresan Kisanak”,cetha wae Pak Karto nyaguhi panjalukke wong wadon mau.
Sanalika iku Suto ngepit neng ngarep wes bablas ngidul dhewe. Gari Pak Karto
kang katon mboncengke kenalan anyare iku ning mburi.
Sakwise
kenalan ning ndalan, saklorone katon akrab kaya dene pasangan. Jajan bareng, paclathonan
kang bungah, lan geguyon ana ing antarane pandan pesisir segara kidul. Sakwise
sakkarone ngentekake mbengi malem siji sura mau, sakkarone bali ngalor, lan
sajakke wis janjian nek arep dadi pasangan bebojoan kaya mimi lan mintuna.
“Nduk, menawa koe gelem, aku kepingin bebojoan
karo sliramu ?” omongane Pak Karto kang ngomongke menawa kepengen ngepek bojo.
Ambar
mesem karo njawab pitakone Pak Karto, “Kula remen kemawon mas, menawi mas purun
sumangga”. Sajakke ambar uga nyaguhi yen gelem dipek bojo.
Sakwise
ketemu lan kesengsem karo Ambar Pak Karto dadi katon enom meneh, arep entok
bebojoan bocah sing isih kinyis- kinyis, lagi wae megar wingi sore.
Rong
ndina Pak Karto urung katon bali. Tibakke dijak ambar menyang omahe kang katon
asri, jembar lan prabotane prasasat kaya ning kraton. Dhasare Ambar ya mung
urip ijen. Ing kana Pak Karta uga di suguhi pangan kang enak. Sakwancine Pak
Karto lali marang asal – usule. Ketemu wong wadon ayu, kaya urip nang jerone
suwarga.
Pak
Karto bali mulih ing ndhusun Warungpring. Sawise leren banjur lunga maneh
nemoni Pak Kadus pinangka sesepuh ing ndhusun kana. Pak Karto kepingin
dilamarke dening Pak Dukuh menyang omahe Ambar (Anak - anake ya mung bisa
nyarujuki).
Dina
Minggu awan, udakara jam 4 sore, Pak Karto dikancani anakke lanang loro karo
Pak Kadus lunga menyang ngalor ana dhusun Deresan nuju omahe Ambar pepujaning
atine Pak Karto. Ing pangajak arep nglamar lan nemtokake dina apik kanggo ijab.
Ancer-
ancer wit ringin sing gedhe ngalor sethithik. Pak Karta pinangka juru ngerti,
mantep lan praihan kang sengsem, arep nduweni bojo katon 20 taun luwih enom
karo umure dhewekke. Tekan papan sing kira- kira dituju Pak Karta katon
nggoleki, omah gedhe sing katon asri kaya kraton kok ora ana.
Mak
Clekentheng, Pak Karto bingung, “heloh,, kok omahe ra ana ? apa salah dalane ?,
Ambar, Ambar koe ning ngendi ? ”.
Pak
Karta katon lumaku glagapan sak njeroning papan iku, nggolekki omahe Ambar kang
sakdurunge ana ing kono. Batine isih bingung karo nggolekki Ambar.
“Mengko
gek dalane salah Pak Karto ?”, tandukke Pak Kadus.
Sing neng ngarepe Pak Karto mung Kramatan lan
wit bendho kang katon singup. Dumadakan Pak Kadus sadhar, trus Pak Karto
dirangkul dijak bali mulih marang Pak
Kadus lan anak – anakke. Pak Karto
linglung lan katon cuwa kaya kelangan uwong sing ditresnani. Jebul si Ambar mau
dudu uwong, nanging sebangsa lelembut kang nyamar dadi pawongan wadon kang
nyenengake wong lanang.
Pak
Karto diruwat lan di mong-mongi anakke supaya aja diganggu maneh dening
lelembut. Jumbuh karo jawabe Pak Karto rikala ditakoni Suta mbiyen, jare arep
mlaku – mlaku kepethuk wong ayu. Mula awake dhewe menawa ngomong kudu sing
becik, lan pinangka donga, ora mung asal ucap. Mundhak kedadeyan kaya Pak
Karta.
Dening : Yulita Ekawinajeng
Sugeng pinanggih Mbak Lita. Kula remen maos cerkak Mbak Lita. Mugi budaya Jawi tansah lestari amargi dipun uri-uri. Berkah Dalem.
BalasHapus