UPACARA NGURAS ENCEH MAKAM IMOGIRI
Makam
Imogiri mapan wonten ing sisih kidul wetan saking Kitha Ngayogyakarta,
antawisipun 17 km saking Kitha Ngayogyakarta. Makam kasebut mapan wonten ing
Bukit Merak. Bukit kasebut mlebet wonten ing 2 laladan, inggih menika desa
Girireja saha desa Wukirsari. Miturut warga ing sakiwatengenipun makam,
cacahipun undhak-undhakan antawisipun 409 iji. Ananging, saben tiyang ingkang
ngetang cacahipun undhak-undhakan menika mesthi beda setunggal lan
setunggalipun. Wonten mitos bilih tiyang ingkang ngetang undhak-undhakan menika
kanthi leres, mila menapa ingkang dipunkajengaken saged kasembadan. Ananging,
kathah peziarah ingkang boten saged ngetang cacahipun undhak-undhakan kanthi
sae, menika amargi undhak-undhakanipun menika kathah, saengga kirang
konsentrasi.
Sawijinging
dinten, Sultan Agung sumerep papan ingkang sitinipun ngganda wangi, lajeng
Sultan ngendika nalika piyambakipun pejah, piyambakipun kepengin supados
dipunsarekaken wonten ing siti kasebut. Ananging para ulama boten maringi idin.
Menawi Sultan dipunmakomaken wonten ing siti kasebut, pramila rakyatipun boten
saged ziarah wonten ing makam kasebut. Ulama kasebut lajeng mendhet setunggal
genggem siti kasebut, lajeng nyuwun tulung Sultan supados mbalangaken siti
kasebut nuju ing sisih kidul, ngendikanipun ulama, papan dhawahipun siti
kasebut gandanipun ugi wangi, Sultan Agung remen penggalihipun.
Wonten
ing kraton, siti kasebut lajeng dipunbalangaken dening ulama, namanipun Imam
Syafi’i dhateng sisih kidul. Lajeng siti kasebut dhawah wonten ing papan
ingkang samenika kasebut Imogiri. Sasampunipun siti kasebut dhawah, Sultan
Agung ngendika dhateng para abdinipun supados bangun makam ingkang
dipunsamektakaken kagem Sultan Agung.
“Makam Imogiri saking siti ingkang dipunbalangaken dening Imam Syafi’i
banjur dhawah wonten ing Imogedhe. Cikal bakalipun Imogiri tuwuh saking
kadadosan menika, sakderengipun asma Imogiri menika Imogedhe ingkang tegesipun,
“imo” menika kabut, lan “gedhe” menika ageng. Lajeng menawi dipunpirsani bilih
laladan Imogiri menika wonten perangan ingkang inggil, kados gunung (giri),
saengga nama Imogedhe dipungantos kanthi nama Imogiri”, ngendikanipun Pak Badrun
(54).
Salah satunggaling upacara ingkang
dipunadani wonten ing Makam Imogiri inggih menika upacara Nguras Enceh. Enceh
(genthong) menika dipun ginakaken kangge nyimpen toya. Enceh menika tilaranipun
Sultan Agung. Lajeng dipunkuras saben sasi Sura/Muhharam, dinten Jemuah Kliwon
utawi Slasa Kliwon minggu kaping setunggal. Upacara kasebut dipunadani minangka
wujud kurmatipun saha kapitadosanipun warga dhumateng kaluhuranipun Sultan
Agung. Upacara Ngur
as Enceh
dipunpilah kanthi 4 prosesi, inggih menika prosesi pamendhetipun siwur,
tirakatan, Nguras Enceh, saha wilujengan. Lajeng saben prosesi menika wonten.
Warga ingkang ngalap berkah menika
katindakaken kanthi tirakatan, kanthi ngunjuk toya saking enceh kasebut, ugi
saged kanthi dhahar sajenipun. Ancasipun Upacara Nguras Enceh inggih menika
ndadosaken enceh minangka benda pusaka
ingkang dipunpitadosi gadhah kekiyatan ghaib. Kanthi nyeceni, lajeng nyuwun
supados slamet jiwa saha raganipun kangge ingkang kagungan, ingkang ngopeni,
saha ingkang nyimpen.
Enceh wonten ing Makam Imogiri
cacahipun 4, inggih menika Kyai Mendung, Nyai Siyem, Kyai Danumaya (dahulu
bernama Kyai Rembes), dan Nyai Danumurti (dahulu bernama Nyai Wandansari).
Menika mapan wonten ing sangajengipun plataran Kemandhungan. Kyai Mendhung
menika saking Romawi, Nyai Siyem saking Thailand, Nyai Danumurti saking Aceh,
lajeng Kyai Danumaya saking Palembang. Saderengipun Sultan Agung wafat,
enceh-enceh kasebut dipunsimpen womten ing Kraton Mataram inggih menika Kraton
Plered.
Toya ing salebetipun enceh
dipunpitadosi gadhah kekiyatan ingkang ageng. Amargi toyanipun menika saking
toya zamzam saha toya saking Tuk Bengkung. Tuk Bengkung menika dumados nalika
Sultan Agung menika nancepaken tekenipun ig sela ing laladan Bengkung, lajeng
dados Tuk ingkang toyanipun boten nate asat. Enceh menika dipunpitadosi
minangka barang ingkang keramat, saengga anggenipun nguras dipuntindakaken
kanthi sesajen, laku, slametan, saha donga. Enceh ugi dipunparingi nama supados
saged nengeri bilih enceh menika minangka barang ingkang keramat.
Upacara Nguras enceh katindakaken
wonten ing kalih kabupaten, inggih menika Kabupaten Jurukunci Imogiri (Kraton
Surakarta) saha Kabupaten Puroloyo Imogiri (Kraton Ngayogyakarta). Amargi
wontenipun Perjanjian Giyanti ingkang milah Kraton kasebut dados kalih, inggih
menika Surakarta saha Ngayogyakarta, saengga Enceh Kyai Danumaya saha Nyai
Danumurti kagunganipun Kraton Ngayogyakarta, lajeng Kyai Mendhung saha Nyai
Siyem kagunganipun Surakarta.
Upacara Nguras Enceh, rumiyin sipatipun
tertutup, ananging samenika sedaya tiyang kepareng mirsani upacara kasebut.
Upacara menika dipunadani wiwit dinten Senin Wage dumugi Sasa Kliwon, utawi
dinten Kamis Wage dumugi Jumuah Kliwon ing minggu sepisan wulan Sura/Muhharam.
Uapacara kasebut dipunadani wonten ing Plataran Kemandhungan Makam Imogiri.
Upacara kasebut dipunwiwiti saking Kraton Surakarta amargi ingkang langkung
sepuh yuswanipun. Prosesi ingkang kaping setunggal inggih menika mendhet siwur.
Anggenipun mendhet siwur ugi dipundamelaken tumpeng saha gunungan. Siwur
dipunpendhet dening abdi dalem Makam Imogiri ingkang nembe jagi saking Dalem
Jurukinci Makam Imogiri. Siwur kasebut lajeng dipunparingaken wonten ing
jodhang lajeng dipunpikul kanthi dipunarak dumugi Makam Imogiri. Prosesi ingkang
nomer kalih inggih menika tirakatan utawi tuguran, inggih menika lek-lekan
sinambi donga. Tirakatan wajib dipuntindakaken dening abdi dalem ingkang
caos/jagi ng dinten kasebut, abdi dalem ingkang boten caos saha warga
sakiwatengenipun makam ugi saged ndherek. Ananging saratipun dhere tirakatan
inggih menika suci, saengga sedaya donga saged kasembadan. Prosesi salajengipun
inggih menika nguras enceh. Ingkang saged nguras enceh menika namung abdi dalem
ingkang dipunparingi amanah supados nguras enceh, lajeng saged dipun pirsani
dening warga utawi peziarah. Biasanipun dipuntindakaken ing wanci siyang. Toya
saking kurasan enceh menika saged dipunsuwun deneing warga, ingkang
dipunpitadosi saged nebihaken saking sadaya sesakit. Prosesi ingkang nomer
sekawan inggih menika wilujengan utawi slametan. Upacara menika gadah ancas
supados tansah dipunparingi kawilujengan saking Gusti ing sadaya kemawon.
Wonten ing prosesi slametan, ugi dipuncawisaken mawarni-warni sajen.
Antawisipun sekul, jenang, jangan/sayur,
lawuh saking ulam saha daging, sambel. Ugi wonten pisang, bumbon, gegodhongan,
kembang. Saha dipuncawisaken wadhah sesaji, sanggan, tumpeng, ambeng. Wonten
ugi godhong apa-apa ugi dipuncawisaken, godhong menika gadhah teges supados
upacara menika saged lancar boten wonten pepalang setunggal menapa utawi kangge
tok bala.
Peziarah saged mlebet makam, menika namung saben
dinten Senin saha Jemuah. Ugi wonten ing dinten-dinten ingkang sampun
dipuntemtokaken. Menawi badhe mlebet wonten ing makam, peziarah boten kepareng
ngagem busana limrah, ananging kedah ngagem busana pranakan (kakung) saha
kemben (putri). Menika gadhah teges supados boten wonten tiyang ingkang
langkung utawi sedaya tiyang menika sami, kanthi ngginakaken busana ingkang
sami. Sasampunipun mlebet, wonten ing laladan Makam Sultan Agung, peziarah
kedah nindakaken laku ndhodhok/jengkeh, tegesipun kangge ngurmati Sultan Agung.
Peziarah wonten ing makam sewu, kedah njagi pangandikanipun, amargi sampun
wonten mitos menawi anggenipun ngendika menika boten dipunjagi, saged nuwuhaken
memala. Wonten cariyos, salah satunggaling peziarah, anggenipun ngendika boten
dipunjagi, saengga sakonduripun saking ziarah, peziarah menika gerah, lajeng
muntah getih, lajeng dipunpadosaken tamba wonten ing pundi-pundi boten mantun.
Lajeng peziarah menika banjur seda.
Tiyang ingkang rawuh wonten ing makam Imogiri
sasanesipun kangge ziarah dhateng makam-makam Raja Mataram, ugi kangge pados
ujungan 7 werni wonten ing salebetipun makam. Ujungan menika dipunpitadosi,
bilih tiyang ingkang sampun bebrayan, ananging dereng dipunparingi putra,
menawi ngunjuk toya godhoganipun ujungan menika lajeng saged enggal-enggal
dipunparingi putra. Ananging kewajibanipun tiyang menika kedah ikhtiyar, usaha,
saha donga dhumateng Gusti ingkang Maha Paring, mugi-mugi enggal-enggal
dipunparingi putra.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar