Pambukaning Atur

Sugeng Rawuh, lan Sugeng Maos,

Blog menika kaserat kagem sinau nyerat ing Basa Jawi. Temtu kemawon taksih kathah kekirangannipun. Pamanggih pamiarsa sanget kula betahaken, pramila sumangga kersaa paring pamrayogi ing komentar.

Maturnuwun

Senin, 16 Desember 2013

Wacana prosedural


CARA PEMBUATAN LURIK
Wonten cara manual lan tradisional kangge ndamel lurik :
1.      Teknik marnai
Bolah – bolah palet kados ing gambar, sakderengipun dipun pintal langkung rumiyin dipunsukani warna. Warna asli kain palet inggih menika pethak. Kain pethak dsaget dipun warnai ing warna ingkang dipunkajengaken, lajeng dipunpepe. Tekstur bolah menika taksih kasar.
2.      Teknik Pemintalan


Teknik pemintalan kadosdene gambar ing nginggil. Ngginakaken roda 2. Bolah ingkang dipunpintal inggih bolah palet. Bolah palet ingkang sampun dipunwarnai salajengipoun dipunrapekaken, dipunlurusaken, utawi dilus. Bolah-bolah menika lajeng dados bolah pakan utawi bolah hotixontal ing kain tenun.





Bolah palet
 


3.  Teknik Skir

Teknik salajengipun inggih menika teknik skir. Teknik skir inggih menika penataan bolah-bolah lungsi ing tenun. Bolah lungsi menika bolah ingkang dawa, utawi vertical. Motif lurik ingkang dipunkajengajen gegayutan kalihan proses nata bolah – bolah lungsi menika.
  







Bolah lungsi



4.      Teknik Tucuk
Proses tucuk inggih menika proses ngebetaken bolah ing tenun. Dados bolah – bolah palet lan lungsi ingkang sampun dipuntata wau dipunstel ing alat tenun.













5.      Teknik Tenun
Ingkang pungkasan inggih menika  proses nenun.



Profil Wirausahawan


SURANI, USAHAWATI BATIK BANTUL
            Ketrampilan jait kang mili saka ragane wanita ayu klairan Bantul 13 April 1976, kang kagungan asma komplit Surini, nanging luwih kondhang kanthi sebutan Rini. Tak kira dudu jeneng kanga sing maneh ing kalangan para panresna batik Bantul lan sakiwatengene, mligine ing lingkungan para usahawan / usahawati tekstil ing Bantul.  Usaha ini dudu minangka warisan, ananging diadegake Dewe, wiwit saka cilik nganti kondang saiki.  Sanajang mangkono, Rini tetep prasaja marang sapa wae sing arep ngangsu kawruh marang dhewekke.
            Nalika Ibu Rini ditemoni ing daleme, Senin (16/12) panjenengane ngendika menawa ing wektu iki akeh masyarakat sing padha seneng Batik. Awale ya mung njait biasa, ananging akeh para konsumen ingkang nyuwun batik.
Surani, ing tokonipun

Wanita ingkang kagungan toko batik kang misuwur batik “Rahmadani” iki, ndue show room dewe ing daleme, Grogol, Carikan, Mulyodadi, Bambanglipuro, Bantul, Yogyakarta.  Nduweni jiwa usaha njawit nalika wes kawastanan dewasa, nalika nate kerja ing pabrik garmen kang ana ing Solo, lan Bantul tahun 2001. Ketemu marang jodo ing pabrik Garmen, padha - padha jait, banjur nduweni kepinginan  kang luhur yaiku nduwe usaha jait dhewe.
Nalika samana Rini lan garwane milih pedhot saka gaweane ing pabrik garmen. Nyoba gawe usaha cilik-cilikkan bukak toko ing jl.Bantul cerak prapatan Kasongan ing tahun 2005. Kanthi modal Rp 40 yuta Riini ngawali usaha iki kanthi silihan ing Peruri. Rini murwakani bareng karo Muh Sodik garwane. Dagangane batik jupuk saka Pekalongan, banjur suwe- suwe gawe batik Bantul, amarga akeh konsumen kang ngersaake batik Bantul.
Nalika taun 2010 Rini ngrasa wes bisa  luwih mandiri, banjur pedhot saka kontrak Tokone, lan madegake toko ing dalem.  Sanajano makaten tetep akeh para konsumen kang remen marang batik Rahmadani , nggolekki ing omahe pengusaha iki. Saya suwe saya gedhe banjur bisa produksi batik dewe. Dalem batik Rahmadani saiki wis bisa kondang, sawa wae sing arep melu sinau batik, pengin ndelok, bisa rawuh ing kene. Saben dinane ana wong 3 sing batik ing toko iki.
            Ibu Rani, kang digarwa Bapak Muh Sodik nalika tahun 2001, klebu wanita kang grapyak semanak, lan tansah sumringah, kagungan putra sasahe 2. putra kang sepisan Rahmadatullah Nurrahman wis kelas 1 SMP, putra kang kapindho Muhammd Fahrul kelas 3 SD.
Surani kalihan garwa, Muh. Sodiq

            Surani biten sekolah mung SEMEA ing Bantul lulusan tahun 1994. Pengalaman kerjane sing bisa ndadekake dhewekke  terampil bisa sukses kanthi saiki. Jiwa tlaten, wis dadi mantebing atine bisa bukak toko batik dewe.
            Dene Rani uga nglakoni distributor batikke ana ing jaban kutha, kayata Jakarta. Menawa ing Ngayogyakarta Rani biasane nyetor ing toko – toko bathik Malioboro. Batik Rahmadani uga asring nderekki pameran- pameran menawa pas digelar pameran batik ing Ngayogyakarta apa dene luar kutha. Wanita kang telaten iki nduweni panjangka kang becik yaiku supaya usahane tambah maju, lan bisa nambahi pasar ing jaban daerah.

Wisata Budaya Yogyakarta


UPACARA NGURAS ENCEH  MAKAM IMOGIRI
Makam Imogiri mapan wonten ing sisih kidul wetan saking Kitha Ngayogyakarta, antawisipun 17 km saking Kitha Ngayogyakarta. Makam kasebut mapan wonten ing Bukit Merak. Bukit kasebut mlebet wonten ing 2 laladan, inggih menika desa Girireja saha desa Wukirsari. Miturut warga ing sakiwatengenipun makam, cacahipun undhak-undhakan antawisipun 409 iji. Ananging, saben tiyang ingkang ngetang cacahipun undhak-undhakan menika mesthi beda setunggal lan setunggalipun. Wonten mitos bilih tiyang ingkang ngetang undhak-undhakan menika kanthi leres, mila menapa ingkang dipunkajengaken saged kasembadan. Ananging, kathah peziarah ingkang boten saged ngetang cacahipun undhak-undhakan kanthi sae, menika amargi undhak-undhakanipun menika kathah, saengga kirang konsentrasi.

Makam Imogiri menika dipunbangun nalika pemerintahanipun Sultan Agung ingkang kondhangipun sekti. Piyambakipun saged dados rajanipun para lelembut. Wonten ing wekdal ingkang cepet, piyambakipun saged dumugi Palembang, lenggah wonten ing singgasananipun, ugi saged dumugi Arab. Saben dinten Jemuah, Sultan Agung mesthi sholat Jumat wonten ing Mekah. Warsa 1641, Raja Mataram pikantuk gelar “sultan” wonten ing tanah suci, Mekah, saengga nggantos nama Sultan Agung dados Sultan Agung Anyakrakusuma Senapati Ing  Alaga Ngabdurrahman. Amargi asring tindak dhateng Mekah, Sultan Agung dados ulama wonten ing ngrika.
Sawijinging dinten, Sultan Agung sumerep papan ingkang sitinipun ngganda wangi, lajeng Sultan ngendika nalika piyambakipun pejah, piyambakipun kepengin supados dipunsarekaken wonten ing siti kasebut. Ananging para ulama boten maringi idin. Menawi Sultan dipunmakomaken wonten ing siti kasebut, pramila rakyatipun boten saged ziarah wonten ing makam kasebut. Ulama kasebut lajeng mendhet setunggal genggem siti kasebut, lajeng nyuwun tulung Sultan supados mbalangaken siti kasebut nuju ing sisih kidul, ngendikanipun ulama, papan dhawahipun siti kasebut gandanipun ugi wangi, Sultan Agung remen penggalihipun.
Wonten ing kraton, siti kasebut lajeng dipunbalangaken dening ulama, namanipun Imam Syafi’i dhateng sisih kidul. Lajeng siti kasebut dhawah wonten ing papan ingkang samenika kasebut Imogiri. Sasampunipun siti kasebut dhawah, Sultan Agung ngendika dhateng para abdinipun supados bangun makam ingkang dipunsamektakaken kagem Sultan Agung.  “Makam Imogiri saking siti ingkang dipunbalangaken dening Imam Syafi’i banjur dhawah wonten ing Imogedhe. Cikal bakalipun Imogiri tuwuh saking kadadosan menika, sakderengipun asma Imogiri menika Imogedhe ingkang tegesipun, “imo” menika kabut, lan “gedhe” menika ageng. Lajeng menawi dipunpirsani bilih laladan Imogiri menika wonten perangan ingkang inggil, kados gunung (giri), saengga nama Imogedhe dipungantos kanthi nama Imogiri”, ngendikanipun Pak Badrun (54).
            Salah satunggaling upacara ingkang dipunadani wonten ing Makam Imogiri inggih menika upacara Nguras Enceh. Enceh (genthong) menika dipun ginakaken kangge nyimpen toya. Enceh menika tilaranipun Sultan Agung. Lajeng dipunkuras saben sasi Sura/Muhharam, dinten Jemuah Kliwon utawi Slasa Kliwon minggu kaping setunggal. Upacara kasebut dipunadani minangka wujud kurmatipun saha kapitadosanipun warga dhumateng kaluhuranipun Sultan Agung. Upacara Ngur as Enceh dipunpilah kanthi 4 prosesi, inggih menika prosesi pamendhetipun siwur, tirakatan, Nguras Enceh, saha wilujengan. Lajeng saben prosesi menika wonten.
            Warga ingkang ngalap berkah menika katindakaken kanthi tirakatan, kanthi ngunjuk toya saking enceh kasebut, ugi saged kanthi dhahar sajenipun. Ancasipun Upacara Nguras Enceh inggih menika ndadosaken enceh minangka benda pusaka ingkang dipunpitadosi gadhah kekiyatan ghaib. Kanthi nyeceni, lajeng nyuwun supados slamet jiwa saha raganipun kangge ingkang kagungan, ingkang ngopeni, saha ingkang nyimpen. 
            Enceh wonten ing Makam Imogiri cacahipun 4, inggih menika Kyai Mendung, Nyai Siyem, Kyai Danumaya (dahulu bernama Kyai Rembes), dan Nyai Danumurti (dahulu bernama Nyai Wandansari). Menika mapan wonten ing sangajengipun plataran Kemandhungan. Kyai Mendhung menika saking Romawi, Nyai Siyem saking Thailand, Nyai Danumurti saking Aceh, lajeng Kyai Danumaya saking Palembang. Saderengipun Sultan Agung wafat, enceh-enceh kasebut dipunsimpen womten ing Kraton Mataram inggih menika Kraton Plered. 
            Toya ing salebetipun enceh dipunpitadosi gadhah kekiyatan ingkang ageng. Amargi toyanipun menika saking toya zamzam saha toya saking Tuk Bengkung. Tuk Bengkung menika dumados nalika Sultan Agung menika nancepaken tekenipun ig sela ing laladan Bengkung, lajeng dados Tuk ingkang toyanipun boten nate asat. Enceh menika dipunpitadosi minangka barang ingkang keramat, saengga anggenipun nguras dipuntindakaken kanthi sesajen, laku, slametan, saha donga. Enceh ugi dipunparingi nama supados saged nengeri bilih enceh menika minangka barang ingkang keramat.
            Upacara Nguras enceh katindakaken wonten ing kalih kabupaten, inggih menika Kabupaten Jurukunci Imogiri (Kraton Surakarta) saha Kabupaten Puroloyo Imogiri (Kraton Ngayogyakarta). Amargi wontenipun Perjanjian Giyanti ingkang milah Kraton kasebut dados kalih, inggih menika Surakarta saha Ngayogyakarta, saengga Enceh Kyai Danumaya saha Nyai Danumurti kagunganipun Kraton Ngayogyakarta, lajeng Kyai Mendhung saha Nyai Siyem kagunganipun Surakarta.
            Upacara Nguras Enceh, rumiyin sipatipun tertutup, ananging samenika sedaya tiyang kepareng mirsani upacara kasebut. Upacara menika dipunadani wiwit dinten Senin Wage dumugi Sasa Kliwon, utawi dinten Kamis Wage dumugi Jumuah Kliwon ing minggu sepisan wulan Sura/Muhharam. Uapacara kasebut dipunadani wonten ing Plataran Kemandhungan Makam Imogiri. Upacara kasebut dipunwiwiti saking Kraton Surakarta amargi ingkang langkung sepuh yuswanipun. Prosesi ingkang kaping setunggal inggih menika mendhet siwur. Anggenipun mendhet siwur ugi dipundamelaken tumpeng saha gunungan. Siwur dipunpendhet dening abdi dalem Makam Imogiri ingkang nembe jagi saking Dalem Jurukinci Makam Imogiri. Siwur kasebut lajeng dipunparingaken wonten ing jodhang lajeng dipunpikul kanthi dipunarak dumugi Makam Imogiri. Prosesi ingkang nomer kalih inggih menika tirakatan utawi tuguran, inggih menika lek-lekan sinambi donga. Tirakatan wajib dipuntindakaken dening abdi dalem ingkang caos/jagi ng dinten kasebut, abdi dalem ingkang boten caos saha warga sakiwatengenipun makam ugi saged ndherek. Ananging saratipun dhere tirakatan inggih menika suci, saengga sedaya donga saged kasembadan. Prosesi salajengipun inggih menika nguras enceh. Ingkang saged nguras enceh menika namung abdi dalem ingkang dipunparingi amanah supados nguras enceh, lajeng saged dipun pirsani dening warga utawi peziarah. Biasanipun dipuntindakaken ing wanci siyang. Toya saking kurasan enceh menika saged dipunsuwun deneing warga, ingkang dipunpitadosi saged nebihaken saking sadaya sesakit. Prosesi ingkang nomer sekawan inggih menika wilujengan utawi slametan. Upacara menika gadah ancas supados tansah dipunparingi kawilujengan saking Gusti ing sadaya kemawon. Wonten ing prosesi slametan, ugi dipuncawisaken mawarni-warni sajen. Antawisipun sekul, jenang, jangan/sayur, lawuh saking ulam saha daging, sambel. Ugi wonten pisang, bumbon, gegodhongan, kembang. Saha dipuncawisaken wadhah sesaji, sanggan, tumpeng, ambeng. Wonten ugi godhong apa-apa ugi dipuncawisaken, godhong menika gadhah teges supados upacara menika saged lancar boten wonten pepalang setunggal menapa utawi kangge tok bala.   
Peziarah saged mlebet makam, menika namung saben dinten Senin saha Jemuah. Ugi wonten ing dinten-dinten ingkang sampun dipuntemtokaken. Menawi badhe mlebet wonten ing makam, peziarah boten kepareng ngagem busana limrah, ananging kedah ngagem busana pranakan (kakung) saha kemben (putri). Menika gadhah teges supados boten wonten tiyang ingkang langkung utawi sedaya tiyang menika sami, kanthi ngginakaken busana ingkang sami. Sasampunipun mlebet, wonten ing laladan Makam Sultan Agung, peziarah kedah nindakaken laku ndhodhok/jengkeh, tegesipun kangge ngurmati Sultan Agung. Peziarah wonten ing makam sewu, kedah njagi pangandikanipun, amargi sampun wonten mitos menawi anggenipun ngendika menika boten dipunjagi, saged nuwuhaken memala. Wonten cariyos, salah satunggaling peziarah, anggenipun ngendika boten dipunjagi, saengga sakonduripun saking ziarah, peziarah menika gerah, lajeng muntah getih, lajeng dipunpadosaken tamba wonten ing pundi-pundi boten mantun. Lajeng peziarah menika banjur seda.
Tiyang ingkang rawuh wonten ing makam Imogiri sasanesipun kangge ziarah dhateng makam-makam Raja Mataram, ugi kangge pados ujungan 7 werni wonten ing salebetipun makam. Ujungan menika dipunpitadosi, bilih tiyang ingkang sampun bebrayan, ananging dereng dipunparingi putra, menawi ngunjuk toya godhoganipun ujungan menika lajeng saged enggal-enggal dipunparingi putra. Ananging kewajibanipun tiyang menika kedah ikhtiyar, usaha, saha donga dhumateng Gusti ingkang Maha Paring, mugi-mugi enggal-enggal dipunparingi putra.   




Opini Cekak


AYAM BAKAR = AYAM KREMES
Daerah kampus UNY akeh kompleks kos-kosan. Ning karang malang contone,  akeh masyarakat kang mayoritas para mahasiswa. Ing kana yen sore uga akeh wong dodol kaya dene ayam, terung, tempe, lele, tahu sing di bakar apa dene di goreng. Laris banget, kanggo para mahasiswa sing akeh-akehe ngekos lan tanpa ana pawone iku mesthi andhalane yo tuku nyang warung. Wong ya sing kosane nduwe dhapur we padha jajan.
Sawijining sore, ing karang malang Blok D, aku lan kancaku mlaku – mlaku arep tuku nyang warung bakaran (warung sing ana panganan dibakar). Aku tuku tahu bakar, lan kancaku tuku tempe bakar.
“Mbak tempe bakar satu, sama tahu bakar satu” pesenne kancaku marang sing bakul.
 “ya, pakek kremes nggak ?” jawabe sing adol.
“Iya mbak.”
Banjur aku lan kancaku mulih, madang bareng. Njerone sing nggonaku isine tahu bakar, ananging nduwure diwenenehi kremes kaya krupuk sing akeh. Nggone kancaku uga ngono, tempe bakar nduwure diwenehi kremes akeh. Rasane enak tenan, aku lagi iki krasakke kremesan ning warung daerah kampus.
Let ana ka sewulan aku dolan karo kancaku, lio. Karana kesel aku lan kancaku mampir ing rumah makan ayam bakar wirosaban. Rumah makan iki ana ing jalan imogiri timur, menawa dirunut saka jalan taman siswa kae ngidul terus. Ing kono uga nyediani panganan sing ana bakarane lan kremesane. Ing daftar harga sing dibageake ing saben wong tuku, ditulis rinci regane.

Ayam bakar   : Rp     9000,00
Nila bakar      :  Rp 11.000,00
…..

Ayam kremes            : Rp 8.500,00
Nila kremes   : Rp 10.500,00
………….

Es jeruk                      :Rp 2000,00
Es the                         : Rp 2000,00
lsp.
(rega ora padha karo asline)
Aku lan kancaku banjur pesen. mengkene anggone nulis
Es Jeruk 2,
Ayam bakar + kremes 1
lele bakar + kremes 1
Sawise di tunggu ana ka 10 menit, pesenane teka. Aku bingung kok bisa dadi 4 porsi lan wedang 2. Aku awale meneng wae karo mikir. Apa aku salah nulis?, apa pancen diwenehi bonus?. Sakwise sing bakul mlebu, aku nututi mlebu.
“Bu, tadi saya pesennya 2 porsi, tapi kok dikasih 4 porsi ya?”
“o nomor berapa mbak?”
“nomer 7 bu?”
Ibune banjur nilikki daftar pesenan sing tak tulis mau
“Lha disini tulisannya ayam bakar + kremes itu udah 2, trus lele bakar + kremes itu juga 2  berarti kan 4 mbak, sudah pas to?”
“ Lha mksudnya ayam bakar + kremes itu 1 porsi, ayam bakar yang dikasih kremes bu!” aku ra trima
“ Lho ya kalau bakar ya nggak pakek kremes mbak, kalok kremes itu artinya ayam goreng”
Aku banjur meneng krungu jawabane ibukke sing adol mau. Jebul ki ayam bakar beda karo ayam kremes. Oalah ya tak bayar kabeh 4 porsi, masak iya arep tak balekke sing 2 porsi. Bisa tambah isin. Sidane sing 2 porsi aku njaluk diplastik tak gawa muleh. Kanggo kancaku 1 lan kanggoku 1.



Artikel kebudayaan



NYINAONI KARAWITAN WIGATI KANGGE PARA MUDHA
Karawitan menika minangka budayanipun masyarakat Jawa ingkang sampun wonten wiwit jaman rumiyin ngantos sakmenika. Ananging wiwit saktambahing taun, karawitan menika malah sansaya ical. Kathah para mudha ingkang boten tapung kalian musik Jawa, menapa malih kalian gamelan Jawa. Musik-musik luar negeri ingkang ndadosaken factor ageng ingkang nyebataken para mudha menika remen, saengga supe dhateng budayanipun piyambak. Sejatosipun karawitan menika nggadhahi nilai pendidikan lan karakter ageng kangge para mudha. Justru musik luar negeri menika ingkang namung ngandhur nilai hiburan kemawon, lan nilai pendidikanipun alit.
Seni karawitan  minangka media ingkang saged dipuntingali saking cara nabuhipun. Anggenipun nabuh gamelan dados pasugatan ingkang eca menawi dipunmidhangetaken kanthi sesarengan. Menika saged ndadosaken pasrawungan ingkang dados wigatosing kangge ngasilaken musik ingkang nggadhahi kualitas.
Nilai pendidikan karawitan ing sekolah
Gamelan inggih menika kesenian ingkang serba luwes. Gamelan lan pendidikan saget dipun agem kangge ndidik rais kaendahaning tiyang. Tiyang ingkang biasa kelian donya musik, nggadhahi raos kesetiakawanan, solah bawa sae, tingkah laku sopan. Sedaya kala wau amargi jiwa seseorang dados kalis kadosta gendhing – gendhing wau.
Pasinaonan karawitan saget dipun lampahi ing sekolah kanthi tigang aspek materi inggih menika pengetahuan (kognitif), perasaan (feeling), lan tindakan (action). Kanthi tigang jenis materi kala wau saget dipun agem mbentuk karakter bangsa. Bentuk karakter bangsa ingkang dipunangsali saking pasinaonan karawitan kadosta raos remen budaya piyambak, nggadhahi kemampuan (skill), kemampuan estetis, pribadi luhur, nggadhahi kalisan budi, sesarengan lan sanenipun.
Kagem masyarakat jawi, gamelan nggadhai fungsi estetika ingkang nggadhai kaitn kalian nilai – nilai sosial, moral, lan spiritual. Kita kedah ndidik bangsa mawi alat kesenian tradisi gamelan (Purwadi, 2005 :3). Nilai-nilai pendidikan ingkang kakandhut wonten ing pasinaonan karawitan nyakup saperangan pirembagan. Kadosta pendidikan karakter siswa, pendidikan karakter menika kathah dipun gayutaken kalian kemampuan siswa.
Sepisan, kemampuan secara ognitif, kadosta tafsir garap gendhing, tafsir garap instrument, keleresan pemilihanipun cengkok lan variasinipun. Angka kalig, kemampuan wonten ing psikomotorik, kadosta keterampilan anggenipun nggamelaken indtrumen gamelan. Ketiga kemampuan afektif kadosta perilaku lan sikap, sae sawektu ngrawit menapa boten.
Nilai pendidikan sanesipun arupi pendidikan wonten ing babagan keterampilan. Keterampilan anggenipun ngrawitm keterampilan nglagoaken (nyinden), gayut kalian tari ugi lan sanesipun. Babagan menika kedah dipun ajaraken ing siswa guna ndadosaken siswa ingkang terampil, tanggap, cerdas, estetik, apresiatif. Sanesipun pendidikan wonten ing babagan nresnani budaya piyambak, supados gamelan tetep lestari lan tetep dados gadhahipun piyambak ampun ngantos dipunrebut basga sanes.
           
Nilai Kekerabatan ing karawitan
Wonten ing hubungan kalian sisten kekerabatan ing pranata sosial, kesenian karawitan ugi nggadhahi nilai budi pekerti. Pendidikan budi pekerti supados kita saget urip ing pasrawungan sami gotong royong, tenggang rasa, tepa slira, empan papan duga sulaya boten waton sulaya, mengadohaken sipat egois lan individualis. Mboten gumun, menawi pendidikan seni karawitan jawa langkung sae dipunparingaken ing wanci alit in glare-lare kita kagem modal pemahaman sesarengan.
Menawi kita bener- bener manfaataken seni budaya menika, menawi mekaten kita pikantuk sumber media sosial, media pendidikan budi pekerti kadosta tenggang rasa, tepa slira, sesarengan, lan gotong royong. Sipat individualis, egois badhe kakikis ing proses pendidikan karawitan jawa menawi mekaten kagem nggayuh garapan musical karawitan Jawa ideal sanget dipunbetahaken kealusan raos, kejelian, ketelatenan, kesabaran , sarta sesarengan. Perasaan lan kerumitan, kerumitan wonten ing garap gendhing (lagu) badhe dipunadhepi siswa ing pasinaonan karawitan Jawa ing tapap awal proses pasinaonan gladhen. Menawi menika saget terus-terusan ing sakmangke badhe kabentuk pribadi ingkang saget ngehargai tiyang sanes, boten pados menang piyabak, sabar, teliti, nggadhai toleransi. Sakbotene dipunkarepaken dening sesepuh kita kanthi karawitan Jawa menika.
Menawi seratan ing nginggil dipunpirsani seksama, antara seni karawitan Jawa lan masyarakat pendukungipun ( seniman tari traditional, pengrawit/ pemusik, penghayat/ pandhemen) sejatosipun wonten hubungan sami ngasilaken antara pengrawit dan pandhemen kanthi wontenipun seni karawitan katingal ingsistem susunan mawi horizontal. Kaitan menika wujud relasi mutual simbiosis ing pengrawit lan pandhemen seni karawitan jawa.

Pasinaonan Kesenian Lagon Jawa Kagem Siswa
Miturut Septian Eko Yuliantoro pendidikan estetika ing kabudayan kadosta kesenian Jawa wonten ing tembang – tembang ingkang kathah ngandut unsur pembangun. Unsur persatuan kadosta ingkang wonten ing cakepan tembang Gugur Gunung ingkang cakepanipun sayul sayuk rukun bebarengan ro kancane ingkang nggadhahi wos sikap sesarengan, sanesipun cakepan ingkang arupi holobis kontul baris ingkang nggadhahi wos sesarengan, tertib, lan kompak ingkang dipunbandingaken kalian kontul inggih menika kewan arupi manuk ingkang wonten ing sabin- sabin ingkang baris rapi. Judul Gugur Gunung menika piyambak nggadhai konsep filosofis ingkang nggadhai artos gotong – royong. Gotong royong menika boten mungkin saget terwujud bilih kerukunan boten wonten. Kanthi wontnipun kerukunan ing masyarakat daerah, persatian lan integritas bangsa saget dipunwujudaken.
Pendidikan bangsa mawi unsur patriotism wonten ing cakepan tembang Kembang jagung ingkang cakepanipun jok na sabalamu ora wedi lan dipuntegesaken kalian syair saklajengipun iki lho dhadha Satria iki lho dhadha Janaka. Mbok bilih maknanipun awrat ati utawi mbungahaken awakipun piyambak, ananging tembung satria ngarah nunjuaken tiyang pembela kesaenan siap mbela bangsa. Cakepan menika maringi nilai pendidikan supados generasi muda dipunajaraken sikap ksatria lan nggadhahi tekad bela Negara. Pendidikan bangsa ing unsur katresnan ing siti dipunbukteaken ing baris ingkang cakepanipun ayo kanca hangrungkepi sungkem ibu pertiwi. Ing symbol handarbeni utawi raos nderek nggadhai demi kejayaan ibu pertiwi tersirat. Ukara ing pungkasaning tembang cakepanipun nagri kita wus merdika adhedhasar pancasila nunjuaken menawi symbol falsafah bangsa Indonesia inggih menika pancasila.
Tembang Turi Putih dados tuladha ingkang ngadhut aspek pendidikan bangsa sebab, wonten ing memahami cakepan tembang menika, mawi emosionalipun sageta gesang raos gadhah lan nresnani bangsa Indonesia kanthi wutuh dhasaripun Pancasila.
Tembang Ilir – ilir saget dipundadosaken tuladha trembang ing aspek bangsa ingkang ngandhut unsur harapan kamardikan, sebab dipun temoaken cakepan utawi teks ingkang saget dipuntafsiraken utawi dipun pahami mawi ungkapan sikap kepedulian ing kamardikan bangsa Indonesia. Kanthi mahami symbol lan makna langgam- langgam nggadhai unsur harapan kamardikan kadosta ilir-ilir dipunajengaken badhe gesang semangat anggenipun ngisi kamardikan kagem generasi muda sanadyan nemoni kasusahan. kangge mahami ngenani gesang ing bangsa lan Negara, temtukemawon tiyang kedah paham komponen- komponen ingkang wonten ing satunggaling Negara. Generasi muda kasebat kedah mahami kanthi leres falsafah gesang bangsa, lambang Negara lan filosofinipun, bendera merah putih lan maknanipun, tembang kebangsaan lan sapiturutipun. Komponen- komponen kasebat kedah sampun asring dipunmirengaken ing sekolah, lan kulawarga. Boten naming generasi anem mawon ingkang kedah mahami ananging para pejabat, peninpin, lan panguasa sarta warga Negara Indonesia sedayanipun. Upiya menika dipunlampahi supados sedaya kompinen bangsa saget leres ngraos nggadhahi tanggel jawab ing bangsa Indonesia (Faudhiyah, 2011).
Tembang – tembang dolanan ing karawitan menika langkung ngresepi dating lare- lare bilih dipun ajaraken ing sekolah. Saking jenjang lare TK dumugi SMA. Ing jenjang TK, kathah – kathahipun materi awujud ing permainan lan nyanyian/ lagon. Lagu dolanan mawi kesatuan bentuk dolanan lan lagon temtu sanget efektif dipundadosaken alternative materi. Wektu ngasta/ ngajar guru saget manpaataken bentuk permainan kagem minat lare. Ingkang perlu dipuntekanaken ingigh menika budi pekerti lan kebangsaan ingkang kedah dipunlampahi kanthi cakepan ing lagon dolanan.

A.    Hubungan seni karawitan kalian pranata sosial sanesipun
Faktor ekonomi, hubunganipun budaya kilen lan budaya wetan kadosta ingkang wonten ing seni karawitan Jawa maringi warna enggal ing kesenian menika. Bab menika ngasilaken kesenian ingkang dipunremeni generasi anem, saha langsung nggadhahi pengaruh ing masyarakat pendukunganipun. Tuladhanipun : cacah jadwal pentas tambah kathah, menawi pikantukipun saya kathah; penjaruman rasukan/ seragam/ kostum seniman pikantuk tambahan pesenan jaitan; perajin gamelan pikantuk tambahan pesenan instrument lan sapanunggalanipun. Wigatinipun masyarakat nggadhahi hubungan kalian kesenian menika, sae langsaung menapa boten langsung pikantuk keuntungan ingkang relatip saget dipunwastani langkung saking biasa.
Menawi kita ningali kanyatan sakmenika, ing pundi pagesangan saya kebak kalian tantangan, kadosta ramalan Ronggowarsito “Jamane- jaman edan, yen ora edan ora komanan” kadosta saya caket langkung- langkung sampun dados kanyatan. Seni modern boten saget dipuntampik datengipun, ananging kita kedah saget njagi nilai tradisi.