ANALISIS BASA RINENGGA WONTEN ING CAKEPAN TEMBANG CAMPURSARI
ANGGITANIPUN MANTHOU’S
Dening Yulita
Ekawinajeng
11205244003
Mulyana, Avi
Meilawati
Sarining
Panaliten
Panaliten menika ancasipun kangge madosi
menapa mawon jinisipun basa rinengga ingkang wonten ing tembang campursari
anggitanipun Manthou’s. Panaliten menika dipunlampahi awit masarakat umumipun
dereng mangertosi menapa mawon jenis basa rinengga ingkang dipunanggit dening
Manthou’s. Teges saha paedahipun basa rinengga ugi dados pirembagan ingkang
gegayutan anggenipun ngandharaken jinisipun basa rinengga. Panaliten menika
wujudipun panaliten deskriptif
ingkang objekipun inggih menika cakepan tembang campursari anggitanipun
Manthou’s. Boten sedaya tembang dipunanalisis, ananging kanthi mendhet 18
tembang saking merang album-ambum Manthou’s wonten ing tigang tema. Tema
ingkang dipunpendhet inggih menika tema katresnan, tema sosial, saha tema
budaya. Cara ngempalaken data kanthi
cara inventarisasi, identifikasi, reduksi,
saha klasifikasi. Piranti panaliten
menika inggih ngginakaken kertu data
saha tabel analisis. Data dipun-analisis
kanthi cara deskriptif. Validitas data dipuntindakaken kanthi cara validitas isi. Realibilitas dipuntindakaken kanthi metode uji ulang, inggih menika
ngginakaken pamendhetan data ingkang
dipunambal-ambali. Asil panaliten menika bilih Manthou’s menika minangka
pangripta tembang ingkang variatif.
Basa rinengga ingkang dipunginakaken ing cakepanipun menika manekawarni. Jenis
basa rinengga ingkang wonten ing cakepan tembang campursari anggitanipun
Manthou’s inggih menika (1) entar, (2) pindha, (3) isbat, (4) cangkriman, (5)
parikan, (6) purwakanthi, (7) wangsalan, (8) paribasan, (9) candra, (10)
rumpaka, saha (11) sengkalan. Masarakat saged langkung ngremeni tembang Manthou’s
amargi basanipun rinengga. Menapa malih saged mangertosi wosipun cakepan. Ng-analisis cakepan ingkang wonten basa
rinengga menika saged pikantuk makna saking mbabar wosipun cakepan. Tegesipun
dipunandharaken kanthi negesi tetembunganipun ingkang wonten ing konteks tembang. Paedah basa rinengga
ugi dipunpanggihaken nalika mbabar cakepanipun. Paedah basa rinengga ingkang
wonten ing cakepan tembang campursari anggitanipun Mantou’s inggih menika (1)
ngendahaken paraga tembang, (2) ngendahaken kahananipun paraga tembang, (3)
ngendahaken caraning tumindak, (4) ngendahaken papan, (5) ngendahaken swasana,
(6) ngendahaken samubarang, saha (7) ngendahaken raosing manah.
Pamijining
Tembung: Basa Rinengga, Tembang Campursari Manthou’s
Abstract
The aim of this analysis is to find what
kind of Basa Rinengga in campursari lyric song written by Manthou’s. This title
chooses to be analyzing because the people do not know what kind of Basa
Rinengga commonly. The meaning and the function of Basa Rinengga also included
in the discussion because related with kind of Basa Rinengga.This analysis is
categorized into descriptive analysis which the object is campursari lyric song
written by Manthou’s. Not all of the song to be analyze, just take 18 songs
from several albums which divided into three themes. The themes are about love,
social, and culture. The way to collect the data is use inventory,
identification, reduction, and classification. The methods that use in this
analysis is scrutinize and take a note of the data. The data is analyzed by
descriptive. The validity of the data takes by validation of contents. The
reability takes by retest reability method.The results of this analysis show
that Manthou’s is the creative author. Basa Rinengga which use in his song is contains
a lot of kinds. The kinds of Basa Rinengga that show in campursari lyric song
written by Manthou’s are (1) entar, (2) pindha, (3) isbat, (4) cangkriman, (5)
parikan, (6) purwakanthi, (7) wangsalan, (8) paribasan, (9) candra, (10)
rumpaka, saha (11) sengkalan. The people more interesting to Manthou’s song
because the language, Basa Rinengga. Especially, when the people know how to
read the word well. By analysis the lyric which contains Basa Rinengga, can
understand the meaning from analysis how to read the lyric. The meaning be
adapted with the word in the song. The function of Basa Rinengga also find when
analysis the lyric. The functions of Basa Rinegga are (1) beautify the
character, (2) beautify the condition of the character, (3) beautify the way of
habit, (4) beautify the place, (5) beautify the situation, (6) beautify the
everything, (7) beautify the feeling.
Keywords : Basa Rinengga, campursari
song written by Manthou’s.
A.
Purwaka
Tembang
campursari kathah dipunremeni dening masyarakat. Masyarakat ngremeni amargi bab
musik lan basa ingkang dipunginakaken wonten ing tembang campursari. Basa
ingkang dipunginakaken adatnipun ngginakaken basa ingkang endah. Basa endah ugi
saged dipunwastani kalihan basa rinengga. Unsur rinengga wonten ing cakepan
tembang campursari maringi efek kaendahan kangge para panresna musik.
Tiyang ingkang
remen kalian musik, adatipun nggadhahi raos inggil dhateng prakawis ingkang
dipunalami ing tembang. Kados dene pangripta tembang ingkang mbabar lan
ngekspresi menapa ingkang dipunraos. Wonten ing tembang campursari, pangripta
saged nuwuhaken basa ingkang endah lan musik ingkang saged dipunremeni.
Panganggening basa rinengga maringi raos ingkang langkung inggil. Basa rinengga
ugi saged maringi raos ingkang ngunggul-unggulaken, kadosta panjangka pangrita
anggenipun nganggit.
Bintang campursari ingkang terkenal inggih
menika Manthou’s. Tembang-tembang anggitanipun Manthou’s kathah sanget
dipunsekaraken kalian masarakat ingkang ngremeni. Manthou’s menika minangka
wiraswara ugi pangripta tembang–tembang
campursari. Manthou’s saged mahyaaken tembang kanthi bebas kanthi campursari.
Manthou’s saged misuwur lan dados bintang
campursari, mesthinipun kanthi unsur kaendahan basa rinengga ingkang wonten ing
cakepanipun.
Cakepan tembang campursari anggitanipun
Manthou’s, kathah ngginaaken basa rinengga. Masyarakat panresna musik, umumipun
dereng saged mangertosi jenis-jenis basa rinengga ingkang wonten ing
cakepanipun. Bab menika penting kangge masyarakat, amargi kanthi mangertosi
jenis, teges, saha paedahnipun basa rinengga saged langkung ngraosaken menapa
ingkang badhe dipunandharaken pangripta tembang.
Panaliten menika ngembag basa rinengga wonten
ing cakepan Tembang campursari anggitanipun Manthou’s. Basa rinengga ingkang
dipunrembag inggih menika bab jinisipun basa rinengga, tegesipun basa rinengga
saha paedahipun basa rinengga ingkang wonten ing cakepan tembang campursari
Manthou’s. Bab menika ingkang dipunrembag supados masarakat menika mangertosi
menapa mawon basa- basa endah ingkang wonten ing cakepan tembang campursari
anggitanipun Manthou’s. Saksampunipun mangertosi masarakat ugi saget negesi
tetembungan ingkang wonten ing basanipun.
B. Gegaran Teori
Panaliten menika
ngrembug bab basa saha tegesipun basa. Ilmu basa ingkang gegayutan inggih
menika ilmu semantik. Tembung semantik saking basa Yunani semainein, ingkang nggadhahi teges
“tanda” utawi “lambang”. Semantik menika ilmu ingkang nyinaoni
bab makna utawi arti (Chaer, 1990: 2). Makna menika ngrembag gayutan tuturan
kalian teges (Parera, 2004: 51). Teges, saha makna menawi dipunginaaken kangge
ngembag satunggaling basa sami peranipun, inggih menika kangge ngandharaken
menapa wosipun. Semantik minangka
disiplin ilmu ingkang nyinaoni makna saking satuan lingual, saged saking makna
leksikal menapa gramatikal. Makna leksikal menika unit semantik ingkang paling alit dipunsebat leksem. Makna gramatikal
menika ingkang dipunbentuk gabungan saking satuan–satuan kebahasaan. Saking
andharan ing nginggil saged dipunpendhet dudutan bilih semantik inggih menika ilmu ingkang nyinaoni teges.
Makna ing basa
jawi asring dipunsebut teges. Teges menika dipunandharaken dening penutur
dhateng mitra tutur kanthi panganggening lambang basa. Teges menika ugi saged
dipunwastani gayutan basa kalian menapa mawon ingkang dipunsepakati sesarengan
dening penutur lan mitra tutur.
Miturut Mulyana
(2008: 22) wonten faktor ingkang nemtokaken makna inggih menika bentuk,
susunan, intonasi, saha konteks. Faktor-faktor menika ingkang saged nggayutaken
basa kalihan tegesipun. Anggenipun penutur badhe ngandharaken pemanggih menika
kedah ngetrepaken pamilihinng basa. Chaer (1990: 11) ngandharaken bilih semantik menika saged nggampilaken
anggenipun milih lan ngginakaken tembung kalihan makna ingkang leres. Dados teges menika migatosaken faktor-faktor
basa supados menapa ingkang badhe dipunkajengaken penutur saged leres
dipuntampi kalihan lawan tutur. Paedahipun teges menika supados penutur saha
mitra tutur sami mangertosi menapa ingkang dipunwicantenaken.
Basa dipunandharaken
kanthi cakepan tembang wonten ing tembang. Penganggit minangka penutur
ngandharaken teges tembang mawi basa ing cakepan tembang. Pesen ingkang wonten ing tembang menika
sageda didumugi dhateng mitra tutur menawi mitra tutur saged negesi tetembungan
ingkang wonten ing cakepanipun. Basa endah kathah dipunginakaken wonten ing
cakepan tembang. Para pamiarsa tembang menika saged mangertosi kanthi negesi
tetembunganipun. Kanthi mekaten ilmu semantik
badhe dipundadosaken dhasar kangge nyinaoni bab teges ingkang wonten ing
cakepan tembang.
Basa Rinengga
inggih menika basa ingkang dipunpacakki, dipunpaesi, supados endah
(Padmosoekotjo: 1960). Basa dipundamel endah supados menapa ingkang badhe
dipunandharaken saget narik kawigatosan pemaos. Endahing basa dipundamel mawi gaya bahasa-nipun penganggit.
Kaendahaning dumunung saking jinisipun basa rinengga ingkang dipunginaaken ing
wacana. Tuladhanipun tembung “mangga” kalian tembung “sumangga”. Menawi dipuntingali
ing tembungipun langkung endah menawi ngginaaken tembung “sumangga”. Semanten
ugi ing konteks ukara sageta langkung endah menawi ngginaaken tembung ingkang
sumangga. Basa- basa endah ingkang kados mekaten saged dipunanalisis kanthi
jinisipun basa rinengga.
Jinisipun basa
rinengga miturut Hadiwidjana (1967: 57) wonten cacah 15 jenis. Jinis-jinisipun
basa rinengga kados menika: (1) entar, (2) pinda, (3) isbat, (4) lambang, (5) cangkriman, (6) gurit,
(7) parik, (8) purwakanthi, (9) wangsal, (10) paribasa, (11) candra, (12) rumpaka,
(13) sandi-asma, (14) sengkala saha (15) layang
Miturut
Padmoesoekotjo (1960: 96) Jinisipun basa rinengga menika mlebet ing kasusastran jawa. Kasusastran jawa menika
sanget wiar cakupanipun. Jinisipun basa rinengga ingkang kalebet ing
kasusastran Jawa kadosta: (1) isbat, (2) sandi- asma, (3) sengkalan, (4) tembung
entar, (5) paribasan, bebasan, saha saloka, (6) cangkriman, (7) dasanama, (8) pepindhan
(9) candra, (10) gugon tuhon, (11) purwakanthi, (12) susulan, (13) tembung
saroja (14) Yogyaswara, (15) tembung garba, (16) tembung plutan, saha (17) tembung
ingkang mingsed pakecapanipun.
Pamanggih kala
wau saged dipunpendhet dudutan bilih jinisipun basa rinengga menika wonten,
tembung entar, pindha, isbat,
cangkriman, gurit, parik, purwakanthi, wangsalan, paribasan, candra, rumpaka, sandi
asma, saha sengkalan. Saben jinisipun basa rinengga menika, nggadhahi bentuk
basa ingkang beda-beda.
Sanesipun
jinisipun basa rinengga, panaliten menika ugi nganalisis bab tegesipun basa rinengga. Teges menika sami kalihan
makna. Makna miturut Baoesastra Djawa (1939: 287) inggih menika teges lan
keterangan surasa. Makna ing Basa Jawi dipunsebat teges. Teges menika sami
kalihan arti, utawi maksud. Teges ing basa inggih menika suraos ingkang wonten
ing basanipun. Teori ing makna umumipun nengenaken kesejajaran saking penutur
lan mitra tutur.
Makna menika
dipunsinaoni ing ilmu basa inggih menika semantik.
Semantik ngrembug bab negesi/pemaknaan basa ngginakaken gramatikal saha leksikal. Ananging wonten ing panaliten menika panyerat langkung
ngginakaken makna gramatikal mawon.
Dipunpendhet kanthi negesi gramatikal
amargi makna tembung, lan ukaranipun dipunanggit kanthi bebas lan kathah
ngginakaken imajinasi saha
parumpaman. Anggenipun negesi ukara mbetahaken panaliten makna kanti kontekstual. Miturut Chaer (1990: 64)
makna gramatikal menika makna ingkang kontekstual
utawi situasional. Saged ugi
dipunsebut kanthi makna makna struktural
amargi proses lan satuan- satuan
gramatikal menika nggadhahi gayutan kalihan ketatabahasaan. Nurgiyantoro
(2007: 292) ngandharaken bilih unsur gramatikal
menika sami kalihan struktur ukaranipun.
Wonten ing komunikasi basa, menawi dipuntingali saking stile, ukara menika langkung wigati katimbang tembung senajan
gayanipun ing ukara ugi gegayutan kalihan pilihan tembungipun. Panegesanipun
tembung-tembung ingkang bergaya utawi saged dipunwastani tembung endah
dipunmaknai saking segi konteks
tuturipun.
Sanesipun bab
teges saha makna basa rinengga, panaliten menika neliti bab paedahipun basa
rinengga. Basa rinengga kalebet ing basa endah ingkang nggadhahi fungsi
estetika. Kaendahanipun basa rinengga menika saged maneka warni, saged
ngendahaken menapa mawon ingkang wonten ing konteks.
C.
Cara Panaliten
Panaliten ingkang nggadhahi judul
“Analisis Basa Rinengga wonten ing Cakepan Tembang Campursari Anggitanipun
Manthou’s” kalebet wonten ing jinis panaliten deskriptif. Miturut Pradapa (2001: 32) panaliten deskriptif menika dipunlampahi kanthi
ancas maringi gambaran satunggaling kasus kanthi cermat. Panaliten deskriptif menika salah satunggaling
jenis panaliten kangge mangertosi saha ngandharaken subyek panaliten. Subyek
panaliten ingkang dipunginaaken wonten ing panaliten menika inggih menika cakepan
tembang campursari Manthou’s. Panaliten menika nggadhahi ancas kebahasaan
ingkang mlebet ing ranah semantik
inggih menika basa rinengga.
Sumber data panaliten menika arupi kaset VCD MP3 anggitanipun Manthou’s.
Panaliten dipunlampahi kanthi cakepan tembang campursari anggitanipun
Manthou’s. Sedaya tembang anggitanipun manthous menika wonten 44 tembang.
Tembang–tembang Manthou’s menika badhe dipunperang wonten ing tigang kategori.
Kategori ingkang dipunangge panyerat inggih menika katresnan, sosial, saha
budaya.
Tembang-tembang
campursari Manthou’s dipunperang miturut tigang kategori inggih menika, katresnan,
sosial, saha budaya. Saking sedaya lagu Manthou’s menika boten sedaya badhe
dipunteliti ananging kanthi cara mendhet sampel ingkang cocok. Panaliten menika
ngginakaken teknik sampling. Miturut
pamanggihipun Pradopo (2001: 39) teknik pamendhetan sampel dipunlampahi kanthi
pamilihan ingkang erat gayutanipun kalihan tujuan panaliten, lan ingkang
relevan.
Sukardi (2003: 65)
ngandharaken bilih pamendhetan sampel
dipunginakaken wonten ing panaliten ingkang ngginakaken data kathah, lan sampel
menika minangka wakil saking karakteristik populasi dipunpendhet kanthi sampel
ingkang cocok kalihan panaliten. Andharan Sukardi ugi gayut kalihan
pamanggihipun Asmani (2011: 110) bilih sampel menika dipunpendhet kanthi dhasar
kualitas. Keleresan anggenipun milih sampel menika, minangka kunci suksesipun
panaliten. Wonten ing panaliten menika, saking sedaya lagu manthou’s ingkang
wonten 44 tembang, dipunpendhet sampel.
Sampel ingkang
dipunpilih kados menika. Wonten ing tema katresnan wonten tembang Anting-anting, Esemmu, Kangen, Balen, Randha
Kempling, Nyidam Sari, Aja Gawe-gawe,
Kripik Tela Pohung, Kembang Kecubung, Tetesing Waspa, Aja Digondheli, Ijo-Ijo.
Wonten ing tema sosial wonten tembang Pripun,
Sluman Slumun Slamet, Kanca Tani, Lare Nggunung, Pak Rebo. Wonten ing tema
budaya wonten tembang Geblek Kulon Progo,
Gunung Kidul Handayani. Sedaya sampel
tembang ingkang badhe dipunteliti menika wonten 18 tembang.
Pangempalan data panaliten menika dipunlampahi
kanthi cara metode nyemak cakepanipun
tembang- tembang campursari Manthou’s. Anggenipun nyemak tembang campursari
menika dipunlampahi kanthi dipunambal–ambali, supados data ingkang kaasilaken boten owah lan obyektif. Sedangunipun kagiyatan nyemak dipunbetahhaken rajin,
njlimet, cermat, lan disiplin supados data
ingkang dipunpendhet sageda valid lan
boten wonten prakawis katinggalan data.
Wonten ing kegiatan yemak ugi dipunbetahaken teknik nyathet data. Data ingkang dipuncatet dipunlebeken ing kertu data. Panaliten menika ngginaaken metode simak saha nyatet data. Ewandene pirantining panaliten
inggih ngginakaken kertu data saha tabel analisis.
Teknik nganalisis data ingkang dipunginakaken wonten ing nganalisis cakepan tembang campursari menika ngginaaken analisis kanthi seserepan semantik. Sepisan kanthi cara Inventarisasi, inggih midhangetaken
swanten ingkang wonten ing VCD kanthi
dipunambal-ambali supados nebihaken saking kesalahan anggenipun mendhet data. Midhangetaken tembang ingkang
dipunambali sageda pikantuk data
ingkang valid. Cara ingkang kaping
kalih inggih menika Identifikasi
kanthi nyathet data arupi cakepan tembang campurasari ingkang
gegayutan kalihan jinisipun basa rinengga. Salajengipun dipunpilih
dipunlebetaken ing kertu data. Maknanipun
basa rinengga dipunlampahi kanthi ngginakaken konteks ukaranipun. Reduksi
dipunlampahi kanthi dipunwaos malih. Menawi wonten data ingkang ambigu langkung sae dipunsingkiraken. Cara pungkasan
inggih menika klasifikasi. Klasifikasi dipunlampahi kanthi milah data wonten ing jinisipun basa rinengga,
saha paedahipun basa rinengga.
Keabsahan data
ingkang dipunginaaken ing panaliten menika ngginaaken validitas saha reabilitas.
Kanthi validitas, keabsahan data dipunpendhet saking validitas isi. Miturut Darmadi (2011: 117) validitas isi nggadhahi peran ingkang wigati kangge tes pencapaian
utawi achievement test. Validitas isi menika umumipun
dipuntemtokaken kanthi pertimbangan para ahli. Anggenipun ngesahaken data ingkang kanthi cara deskriptif dipunlampahi kanthi
konsultasi dhateng dosen pembimbing.
Reliabilitas data ngginakaken realibilitas kanthi metode
uji ulang. Metode uji ulang inggih menika metode ingkang dipunginakaken kangge
nguji data supados saged dipunadhalaken kanthi cara ngambali malih wonten ing
wekdal ingkang beda (Suryabrata, 2013: 59). Metode
menika dipunlampahi panaliti kanthi cara pemaosan ingkang dipunambal-ambali.
Cara dipunamabal-ambali menika dipunlampahi supados pikantuk data kalian pirembagan deskripsi data ingkang konsisten. Cara
menika dipunlampahi dhateng panaliti kanthi mandiri. Data ingkang dipunpendhet salajengipun dipunkaji miturut fokus panaliten ingkang kaginaaken.
Panaliten badhe dipunpungkasi bilih data
ingkang dipunpendhet sampun stabil
saengga layak dipunanalisis.
D.
Asiling
Panaliten saha Pirembagan
Panaliten bab
cakepan tembang campursari anggitanipun Manthou’s nggadhahi asil inggih menika
saged manggihi jenis basa rinengga ingkang dipunginakaken ing karya sastra.
Andharan menika jumbuh kalihan menapa ingkang wonten ing gegaran teori.
Jinisipun basa rinengga ingkang wonten ing cakepan tembang campursari Manthou’s
antawisipun entar, pindha, cangkriman, isbat, parik, purwakanthi, wangsalan,
paribasan, candra, rumpaka, sengkalan. Kangge jenis basa rinengga gurit, boten
dipunlebetaken ing jinisipun panaliten menika, amargi sedaya cakepan menika minangka
geguritan. Kangge mbedaaken menapa jinisipun basa rinengga, cakepan
dipunanalisis kanthi sanesipun basa rinengga geguritan.
Sanesipun jinis basa rinengga, panaliti
ugi badhe ngandharaken paedahipun basa rinengga wonten ing cakepan tembang
campursari anggitanipun Manthou’s. Paedah ingkang wonten inggih menika,
ngendahaken paraga tembang, ngendahaken kahananing paraga tembang, ngendahaken
caraning tumindak, ngendahaken papan, ngendahaken swasana, ngendahaken
samubarang, saha ngendahaken raosing manah.
Objek ing
panaliten menika dipunperang saking 3 tema inggih menika katresnan, budaya lan
sosial. Tema katresnan wonten tembang
Anting-anting, Esemmu, Kangen, Balen,
Randha Kempling, Nyidam Sari, Kembang
Kecubung, Aja Gawe-gawe, Kripik Tela Pohung, Tetesing Waspa, Aja Digondheli
Iijo-Ijo. Tema sosial wonten Sluman Slumun Slamet, Kanca Tani, Lare
Gunung, Pak Rebo. Tema budaya
wonten tembang, Geblek Kulon Progo, Gunungkidul
Handayani. Jenis basa rinengga ing cakepan tembang campursari anggitanipun
manthou’s saged dipunpriksani ing tabel ngandhap menika. Tembung-tembung
ingkang kacithak kandel minangka tetenger basa rinengga.
Cakepan tembang campursari anggitnaipun
Manthou’s wonten basa rinengga entaripun. Tembung entar ingkang dipuntemokaken
ing cakepan tembang campursari anggitanipun Manthou’s mekaten.
“Eling-eling ro kanca,
ora perlu njlimet (M/SSS/26).
Tembung “njlimet” ing cakepan (M/SSS/26)
minangka basa entar ingkang dipuangge kangge ngandharaken “kanca”. Menawi dipunpirsani saking tembungipun
“njlimet” menika tembung sipat kangge madosi samubarang. Samubarang ingkang
alit, ingkang wonten ing kawontenan ndlesep anggenipun madosi mesthi “njlimet”.
Wonten ing cakepan tembung “njlimet” dipunginakaken kangge ngandharaken tiyang.
Boten ateges madosi tiyang menika kanthi njlimet, ananging ingkang
dipunkajengaken pengganggit bilih madosi bebudhenipun tiyang sanes.
Cakepan (M/SSS/26) menika minangka
cakepan tembang campursari Manthou’s ingkang nggadhahi irah-irahan Sluman Slumun Slamet. Wonten ing tembang
Sluman Slumun Slamet nyariosaken
bilih dados tiyang menika tansah alon-alon dhateng pakaryan menapa mawon
saengga asilipun pakaryan sageta sae. Tegesipun unen-unen menika bilih dhateng
kanca menika sampun itung-itungan. Sampun ngantos madosi perkawis-perkawis alit
ingkang limrahipun boten dados menapa dipundadosaken perkawis wigati. Saking konteks cakepannipun nggadhahi teges
bilih emut-emut kalihan kanca ingkang nate maringi pitulungan, perkawis alit
menika boten kedah dipundadosaken perkawis ageng. Ampun dados tiyang ingkang
etung-etungan marang kabecikanipun lan alanipun tiyang sanes.
Paedahipun cakepan (M/SSS/26) inggih
menika ngendahaken caraning tumindak. Caraning tumindak ingkang dipunlampahi
dening penutur. Penutur ngandharaken kanthi pitutur. Basa entar “njlimet”
ingkang dipunangge wonten ing konteks pasedherekan
maringi pitutur bilih sampun ngantos itung-itungan kalihan kabecikan saha
alanipun tiyang. Paedahipun bilih penutur maringi pitutur
dhateng kanca menika sampun ngantos “itung-itungan. Paedah basa rinengga menika
inggih kangge ngendahaken caraning rumindak tiyang bilih sampun ngantor
itung-itungan dhateng bebudhenipun tiyang sanes. Basa rinengga entar sanesipun
ugi wonten ing cakepan menika.
Parine lemu-lemu Palawija lan uga sak wernane katon
subur, Kabeh tuwuh kang sarwa kinandur (M/KT/31)
Tembung “parine
lemu-lemu” menika minangka asil tetanen para tani. Saged kalebet ing pepindhan
amargi biasanipun tembung “lemu” menika dipuanangge nyebataken badan tiyang,
sanes wit-witan menapa tetanen. Saged dipunwastani kalebet tembung rinengga
pindha amargi tembung “lemu” ingkang sejatosipun kangge nyebut badan tiyang,
dipunemperaken “kaya” taneman pari ingkang subur. Wosipun ugi bab tetanen pari
ingkang subur.
Cakepan (M/KT/31)
menika kalebet ing pindha ingkang sampun boten nyebataken menapa ingkang
dipunpindhaaken. Cakepan menika dipunpendhet saking tembang Kanca Tani. Wonten ing tembang menika
nyariosaken pasedherekanipun para tani, saha ngandharaken kados pundi kahanan
hasil taninipun. Cakepan menika ngandharaken pari saha palawija ingkang sami
subur. Sedaya ingkang wonten menika minangka taneman ingkang dipuntandur dening
petani.
Paedahipun basa
rinengga menika, kangge ngendahaken swasananipun. Swasana ingkang wonten ing
cakepan inggih menika swasana ingkang wonten ing sabin. Swasananipun asil tani
ingkang sami subur. Cakepan menika dipunanggit supados saget ngendahaken
taneman pari ingkang ing teks menika dipuncariosaken tanemanipun lemu-lemu
utawi subur.
Basa rinengga
sanesipun ingkang dipunpanggihi ing cakepan tembang campursari anggitnaipun
Manthou’sRumpaka inggih menika, tetembungan ingkang dipunangge kangge
ngendahaken swasana alam. Rumpaka ingkang wonten ing cakepan tembang campursari
anggitanipun Manthou’s kados mekaten.
Sinawang pancen
asri, Gunungkidul nyatane wektu
saiki, Pembangunan warata kang migunani, Bisa gawe kepranan kang amirsani (M/GKH/44)
Cakepan
menika dipunpendhet saking tembang Gunungkidul
Handayani. Capekan (M/GKH/44) nyariosaken Kitha Gunungkidul. Menawi
dipuntegesi saking cakepanipun samenika Gunungkidul asri, dipuntegesi saking
“sinawang pancen asri, Gunungkidul nyatane wektu saiki”. “Pembangunan” kathah
dipundamel lan “migunani”. Sinten mawon ingkang mirsani saged kepranan dhateng
kitha menika.
Paedahipun rumpaka (M/GKH/42) inggih
menika kangge ngendahaken papan. Cakepan menika ngandharaken bab kithanipun
inggih menika Gunungkidul. Cakepan menika ngandharaken bab kaendahanipun kitha
ingkang nggadhahi daya tarik
pamiarsa. Basa rinengga sanesipun ingkang wonten ing cakepan tembang campursari
anggitanipun Manthou’s kados menika.
Manunggaling
Kawula kalawan Gusti, Migunani tumrap
pembangunan iki, Mangga-mangga
sedaya tumut ndarbeni, Mrih lestari
Gunungkidul Handayani (M/GKH/46)
Cakepan (M/GKH/46) menika dipunpendhet
saking cakepann tembang campursari anggitanipun Manthou’s kanthi irah-irahan Gunungkidul Handayani. Tembang menika
ngrembag bab endahing ciptanipun Tuhan ingkang dumunung ing Kabupaten Gunungkidul ing Provinsi Nyayogyakarta.
Tembung “Gusti” menawi saking Kamus Baoesastra Jawa anggitanipun Poerwadarminta
(1939: 157) nggadhahi teges bendhara, sesebutan tiyang dhateng Allah. Ingkang
dipunsebut “Manunggaling Kawula Gusti” inggih menika Ketuhanan Jawa
(Hadiatmaja, 2010: 72).
Unen-unen menika inggih kalebet ing basa
rinengga isbat. Idiom-ipun kalebet
ing isbat, ananging isbat ingkang dumununng ing tembang Manthous menika
nggadhahi teges gayutanipun tiyang kalihan bendharanipun. Tiyang jaman rumiyin
nyebut “Gusti” menika kangge nyebut “Raja”, inggih menika tiyang ingkang mimpin
ing wilayahipun. Wonten ing jaman sakmenika penyebatan “Gusti” saged dipunangge
nyebut Tuhan.
Dipuntingali saking konteks cakepan (M/GKH/46) tembung “Gusti” boten ateges Tuhan
ananging tiyang inggih menika “Pemerintah/ Raja”. Raja minangka tiyang ingkang
mimpin ing wilayahipun menawi sakmenika saged dipunwastani pemerintah. Andharan
menika saged dipunantebi ing ukara sanesipun ingkang ngandharaken bab
pembangunan. “Migunani tumprap pembangunan iki”, unen-unen menika minangka
panjelas isbat, minangka njelasaken bilih ngandharaken pembangunan. Pembangunan
menika minangka panyengkuyungipun masarakat kalihan pemerintah daerahipun. Cakepan menika ngandharaken bab gayutanipun
tiyang kalihan pemerintah. Tegesipun “Manunggaling Kawula kalawan Gusti” inggih
menika nggayutaken kapitadosan masarakat saha pemerintah. Cakepan menika nyariosaken bilih masarakat saha
panguaos sampun sami sayuk rukun kangge mbangun kitha Gunungkidul supados dados
kitha ingkang maju, saha lestari.
Paedahipun cakepan (M/GKH/46) inggih menika kangge ngendahaken paraga
tembang. Paraga tembang ing konteks
inggih wonten ing tembung “Gusti” minangka pemerintah
sanes “Tuhan”. Basa rinengga isbat biasanipun boten wonten ing
tembang-tembang gagrak enggal kadosta campursari, ananging kathah dipunpanggihaken
ing serat-serat jawi lami. Dados wonten ing konteks
tembang menika “Gusti” minangka paraga tembang boten minangka “Tuhan” ananging
“Pemerintah”. Jinisipun basa rinengga ingkang dipunpanggihaken ing cakepan
tembang campursari anggitanipun Manthou’s kados mekaten.
Gelang alit bebasan kang mungguhing
driji
(M/B/16)
Cakepan (M/B/16)
dipunpendhet saking cakepan tembang campursari anggitanipun Manthou’s kanthi
irah-irahan Balen. Tembang menika
nyariosaken bilih wonten paraga kalih kakung saha putri, ingkang sami
paclathonan. Ingkang kakung ngersaaken rujuk ananging ingkang putri taksih
dereng nyarujukki. Wonten ing cakepan menika wonten cangkrimanipun. “Gelang
alit” ingkang wonten ing “driji” inggih menika ali-ali. Gelang menika umumipun
bunder. Barang ingkang bunder lan wonten ing driji ingkang biasanipun
dipunangge dening tiyang estri menika ali-ali.
Paedahipun
cakepan (M/B/16) inggih menika ngendahaken samubarang. Samubarang ing konteks inggih menika barang ingkang
mungguh ing driji utawi ali-ali. Umumipun tiyang nyebut tembung ali-ali menika
kanthi langsung, ananging supados dados rengga dipundamel cangkriman. Jinisipun
basa rinengga sanesipun kados mekaten.
E
tuku piring duite pas-pasan, e sing dha eling urip mung sepisan
(M/PR/38)
Cakepan (M/PR/38) dipunpendhet saking
cakepan tembang campursari Manthou’s kanthi irah-irahan tembang Pak Rebo. Wonten ing tembang menika
nyariosaken paraga inggih menika “Pak Rebo”. Dipuncariosaken bilih wonten
pagesangan piyambakipun minangka paraga ingkang ala tumindakipun kadosta lamis,
randha kaping kalih, saha ing ndonyanipun pamikiranipun kirang. Gatra sepisan
minangka sampiran. Gatra kalih minangka wosipun parikan. Sajak ingkang sami inggih wonten ing wanda tengah-tengah gatra saha
saben pungkasanipun gatra. Sajak-ipun
inggih menika ing “ing” saha “an” saking
tembung “piring, eling” saha tembung “pas-pasan, sepisan”. Wosipun dumunung ing
gatra kalih inggih menika “E sing dha eling urip mung sepisan”. Tegesipun
parikan menika ingigh badhe ngandharaken sumangga sami emut bilih gesang menika
namung sepisan.
Paedahipun cakepan menika inggih
ngendahaken caraning tumindak. Cakepan menika arupi pitutur, saengga tembung
rinengga menika kangge ngendahaken caraning tumindak. Tumindakipun tiyang cakepan
menika bab ngemutaken bilih urip mung
sepisan inggih menika pagesangan namung sepisan. Para manungsa sami emuta
dhateng pagesangan ingkang sepisan menika. Jinisipun basa rinengga ugi wonten ing cakepan menika.
E iba
senenge, Kanca tani yen nyawang tandurane, Nyambut gawe, Awak
sayah seneng atine (M/KT/30)
Purwakanthi
(M/KT/30) minangka purwakanthi guru
swara. Guru swaranipun “e” ing saben pungkasanipun gatra. Purwakanthi menika
nggadhahi teges mekaten. “E iba senenge” tegesipun ngraosaken bingah ingkang
sanget. “Kanca tani yen nyawang tandurane” tegesipun kanca tani menawi mirsani
tanduran asil taninipun. “nyambut gawe, sakwayah-wayah seneng atine” tegesipun
tambut damel sakwanci-wanci nyambut damel remen manahipun. Dados cakepan menika
gadhah teges bilih para petani ngraosaken binggah anggenipun nyambut damel.
Tetanen ing sabin menika kanthi manah ingkang ngremenaken.
Paedahipun
cakepan menika inggih kangge ngendahaken raosing manah. Raosing manah ing konteks inggih menika manahipun para
tani. Manahipun para tani ingkang ngandharaken bilih sami bingah anggenipun
nggarap pakaryanipun. Makarya saged kapan mawon utawi “sakwanci-wanci”. Kanthi
mekaten para tani ngraosaken manah ingkang bingah. Basa rinengga ugi wonten ing
cakepan menika.
Jenang gula ya Mas ya
mbok
aja lali (M/K/11)
Cakepan (M/K/11) dipunpendhet saking
cakepan tembang campursari anggitanipun Manthou’s kanthi irah-irahan Kangen.
Ing tembang menika dipunandharaken penutur ingkang ngraosaken kangen
dhateng paraga ing tembang. Cakepan menika wonten wangsalanipun inggih wonten
ing tembung “jenang gula” lan “lali”.
Jenang gula, lo. Glali.
Maksude aja lali (Padmosoekotjo,
1960: 11)
Sami kalihan andharanipun Padmosoekotjo
bilih, “jenang gula” minangka wangsal cangkrimipun. Wangsulanipun inggih menika
“glali” ingkang dipunandharaken kangge ancang-ancang badhe ngendika “lali”.
Tegesipun unen-unen menika inggih menika, ampun supe. Penutur ngandharaken
bilih lawan tutur ampun supe kalihan piyambakkipun. Ing konteks tembang Kangen menika, tegesipun cakepan supados
paraga tansaha emut kalihan penutur tembang.
Paedahipun
cekepan menika bilih kangge ngendahaken tumindak. tumindak ingkang wonten ing
teks inggih menika nalika penutur ngemutaken dhateng paraganipun. Paraga
dipunaturi ngemut-emut penutur inggih bab katresnanipun. Jinis basa rinengga sanesipun
ugi wonten ing cakepan menika.
Sluman slumun watone slamet
(M/SSS/19)
Cakepan
(M/SSS/24) dipunpendhet saking tembang campursari anggitanipun Manthou’s kanthi
irah irahan Sluman Slumun Slamet.
Cakepan menika saged kalebet ing paribasan. Unen-unen menika ajeg
panganggenipun, ngangge teges entar ananging boten ngemu suraos pepindhan.
Miturut Padmosoekotjo (1958: 67) tegesipun sluman
slumun slamet inggih menika “sanajan ora weweka, tansah nemu juwana”.
Tegesipun inggih ngandharaken bilih senajan kirang alon-alon nglampahi
pakaryan, ananging tansah nemu kamulyan. Saged ugi dipunandharaken mekaten,
anggenipun nglampahi pakaryan menika kirang ngatos-atos ananging tansah
pinaringan kabegjan
Paedahipun
cakepan (M/SSS/24) inggih menika kangge ngendahaken caraning tumindakipun
tiyang. Tembang menika arupi pitutur. Saengga penutur menika paring pitutur
kangge para pamiarsa tembang sedaya bab caraning tumindak tiyang. Tumindakipun
tiyang ingkang nglampahi pakaryan menika kedah alon-alon, boten grusah-grusuh
menika asilipun mangke tansah pinaringan kesaenan.
Nganti-anti tekane Radyan Permadi (M/AA/02)
Cakepan (M/AA/02)
menika dipunpendhet saking tembang Anting-Anting. Cakepan menika ugi wonten candranipun.
“Radyan Permadi” inggih menika paraga ingkang dipunangge ngendahaken paraga
tembang. Paraga menika minangka paraga ingkang endah. Tembung menika
dipunemper-emperaken kalihan tiyang ingkang dipunmaksud. Kaedahanipun tiyang
menika dipunendahaken kathi paraga inggih Radyan Permadi.
Paedahipun candra
(M/AA/02) inggih menika kangge ngendahaken paraga. Ingkang dipunendahaken
inggih menika fisik-ipun paraga.
Paraga ingkang dipunmaksud penutur menika dipunemperaken kalihan paraga ingkang
sanget sae inggih menika Radyan Permadi. Boten ateges bilih paraga menika
Radyan Permadi ananging dipunemper-emperaken kados mekaten, amargi Radyan
Permadi minangka paraga endah. Basa
rinengga sanesipun kados menika.
Pak Rebo,
e Pak e Pak Rebo.
Pak Rebo laire
dina Kemis
(M/PR/36)
Cakepan (M/PR/36)
menika dipunpendhet saking tembang Pak
Rebo. Tembang menika nyariosaken sedaya lampahipun paraga kanthi nama Pak
Rebo. Wonten ing cakepan, sengkalan menika wonten ing tembung “Pak Rebo”.
Menawi tiyang Jawi biasanipun anggenipun ndamel nama tiyang, ngginaaken tembung
dinten menika kanggge ngengeti lairipun. Saged dipunbedhek menawi paraga Pak
Rebo menika lair ing dinten Rebo. Ananging menawi dipuntingali saking konteks cakepan salajengipun,
dipunandharaken bilih Pak Rebo lair ing dinten Kemis. Cakepan menika pancen
dipundamel penganggit mekaten amargi konteks
tembangipun kangge sarana gojegan.
Paedahipun
sengkalan ing cakepan (M/PR/36) inggih menika kangge ngendahaken paraga
tembang. Paraga tembang ing cakepan inggih menika Pak Rebo. Sengkalan menika
dipunpanggihaken wonten ing nama paraga tembang. Sengkalan menika arupi nama
ingkang dipundamel penganggit kangge ngandharaken paraga. Dados cakepan
(M/PR/36) dipundamel sengkalan kangge ngendahaken paraga Pak Rebo.
Jinisipun basa
rinengga ingkang dipunpanggihaken wonten ing cakepan tembang campursari
anggitanipun Manthou’s menika wonten 11. Jinisipun inggih basa rinengga inggih
menika: (1) entar, (2) pindha, (3) cangkriman, (4) isbat, (5) parik, (6)
purwakanthi, (7) wangsalan, (8) paribasan, (9) candra, (10) rumpaka, saha (11)
sengkalan. Tegesipun basa rinengga dipuntegesi kanthi cara kontekstual.
Paedahipun basa rinengga saking sedaya cakepan menika antawisipun ngendahaken
paraga tembang; ngendahaken kahananing paraga tembang; ngendahaken caraning
tumindak; ngendahaken papan; ngendahaken swasana; ngendahaken samubarang; saha
ngendahaken manah. Sedaya paedah menika dipunpendhet saking deskripsi ingkang
wonten ing cakepan tembang campursari Manthou’s.
E.
Dudutan
Panaliten ngengingi cakepan tembang
campursari anggitanipun Manthou’s gadhah asil bilih Manthou’s menika
ngginakaken basa rinengga supados langkung variatif.
Basa rinengga ingkang dipundinakaken langkung sekeca dipunmirengaken. Saged
langkung sekeca amargi ngginakaken basa-basa ingkang endah. Saking tembang
ingkang sampun dipunteliti dening panaliti, jenis basa rinengga langkung saking
satunggal jenis. Andharan menika nedahaken bilih cakepan tembang campursari
anggitanipun Manthou’s identik kalihan
basa rinengga. Jenis basa rinengga ingkang dipunginakaken ing cakepan tembang
campursari anggitanipun Manthou’s inggih punika entar, pindha, isbat,
cangkriman, parikan, purwakanthi, wangsalan, paribasan, candra, rumpaka, saha
sengkalan. Basa rinengga kasebut dipunandharaken kanthi basa ingkang enteng,
ananging sages nandhesaken teges.
Tegesipun basa rinengga ingkang wonten
ing cakepan tembang campursari anggitanipun Manthou’s kaleber ing teges
rinengga. Teges basa rinengga ing cakepan tembang campursari anggitanipun
Manthou’s saged dipunmangertosi saking tembung-tembungipun, saged ugi dipunmangertosi
saking wosipun tembang. Tembang campursari campursari anggitanipun Manthou’s
kathah nyariosaken bab kasmaran. Andharan kasebut jumbuh kaliyan wosipun
tembang cammpursari Manthou’s ingkang nyariosaken raos bingah, kuciwa, saha
susah nalika tiyang nggadhahi raos tresna. Manthou’s ugi ngandharaken bab
satunggaling papan. Boten namung nyaruosaken papanipun mawon, ananging ugi
nyariosaken bab kahananipun, wonten menapa mawon, budaya, saha kados pundi
paraga-paraga ingkang wonten ing salebetipun. Salajengipun, wonten ing tema
sosial masarakat, Manthou’s ngandharaken sayuk rukun rakyat anggenipun sami
makarya kanthi pasedherekaan.
Basa rinengga ingkang dipunandharaken
dening Manthou’s saged dipunandharaken kanthi sekeca lan boten kasar. Sambet
kalihan paedahipun basa rinengga ingkang wonten ing cakepanipun. Basa rinengga
wonten ing cakepan tembang campursari Manthou’s nggadhahi paedah
mapinten-pinten. Paedah basa rinengga kasebut antawisipun kangge ngendahaken
paraga tembang, ngendahaken kahananing paraga tembang, ngendahaken caraning
tumindak, ngendahaken papan, ngendahaken swasana, ngendahaken samubarang, saha
ngendahaken raosing manah.
Adhedhasar asil panaliten punika, saged
dipunmangertosi bilih ing cakepan tembang campursari anggitanipun Manthou’s kathah
ngginakaken basa rinengga ingkang saged nambah endahing karya sastra. Asilipun
panaliten inggih punika ngandharaken jenis saha paedah basa rinengga ing
cakepan tembang campursari Manthou’s, supados sekeca dipunpendhet paedah dening
pemaos. Kanthi panaliten punika pamaos sageda mangertosi bab jenis, teges saha
paedah basa rinengga wonten ing cakepan tembang campursari anggitanipun
Manthou’s.
Asilipun panaliten punika ugi saged
dipunginakaken minangka referensi
kangge nyinaoni bab jenis, teges saha paedah basa rinengga wonten ing karya
sastra. Sanesipun panaliten punika ugi sageda nambah pamanggihipun tiyang
ngengingi semantik, mliginipun basa rinengga. Kangge pamaos, panaliten punika
saged dipunginakaken kangge referensi
ing panaliti sanesipun, ingkang taksih gayut kalihan ilmu basa saha sastra ing
cakepan tembang punika.
Pamrayogi dhateng panaliten menika
inggih saged dipunkajengaken dhumateng panaliti sanes ingkang ngrembag basa
rinengga wonten ing tembang campursari anggitanipun Manthou’s. Saengga panganggenipun
basa rinengga saged dipunlajengaken kanthi langkung sae wonten ing objek sami
ugi dhateng objek tembang ingkang dereng dipunteliti. Panaliti sanes saged
nglajengaken mliginipun bab jenis, teges saha paedah wonten ing basa rinengga.
Tembang campursari anggitanipun
Manthou’s wonten cakepanipun dipunpanggihi campur
kode, alih kode. Andharan punika saged dipundadosaken acuan kangge pamaos
ingkang gadhah minat kangge neliti perkawis ing nginggil kasebut. Ewandene
panaliten ngengingi basa rinengga menika perlu dipunlajengaken kanthi
ngginakaken objek sanes, antawisipun saged bab geguritan jawi, novel jawa,
saged ugi kanthi carita cekak ing kalawarti.
F.
Kapustakan
Asmani,
Jamal Ma’mur. 2011. Tuntunan Lengkap
Metodologi Praktis Penelitian Pendidikan. Yogyakarta: Diva Press.
Chaer,
Abdul. 1990. Pengantar Semantik Bahasa
Indonesia. Jakarta: Rineka Cipta.
Darmadi, Hamid. 2011. Metode Penelitian Pendidikan. Bandung:
Alfabeta.
Hadiwidjana.
1967. Tata- Sastra. Yogyakarta: U.P
Indonesia.
Mulyana.
2008. Semantik Bahasa Jawa.
Yogyakarta.
Nurgiyantoro,
Burhan. 2007. Teori Pengkajian Fiksi.
Yogyakarta: Gadjah Mada Universiti Press.
Padmosoekotjo,
S. 1960. Ngengrengan Kasusastran Djawa
Jilid II. Yogyakarta: Hien Hoo Sing.
Parera.
J. D. 2004. Teori Semantik. Jakarta:
Erlangga.
Pradopo,
Rachmat Djoko, dkk. 2001. Metodologi
Penelitian Sastra. Yogyakarta: Hanindita Graha Widya.
Purwadarminto.
1939. Baoesastra Djawa. Batavia:
Wolters Uitgevers Maatschappij.
Sukardi.
2003. Metodologi Penelitian Pendidikan.
Jakarta: Bumi Aksara.
Suryabrata,
Sumadi. 2013. Metode Penelitian.
Jakarta: Raja Grafindo Persada.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar