Pambukaning Atur

Sugeng Rawuh, lan Sugeng Maos,

Blog menika kaserat kagem sinau nyerat ing Basa Jawi. Temtu kemawon taksih kathah kekirangannipun. Pamanggih pamiarsa sanget kula betahaken, pramila sumangga kersaa paring pamrayogi ing komentar.

Maturnuwun

Jumat, 22 November 2013

News feature


PASUGATAN SENI GANDEWA
WUJUD PALESTAREN BUDAYA KAWULA MUDA

Gandewa (Gamelan Modern Hima Jawa) inggih menika kelompok musik ingkang kalairan saking para mahasiswa Pendidikan Basa Daerah Universitas Negeri Yogyakarta. Grup musik ingkang lair ing wulan Mei tahun 2013 menika sampun wantun caos pasugatan seni ing mapinten-pinten panggung wonten lebet lan njawi kampus. Kadosta wonten ing pangung- panggung pentas saklebeting kampus, caos pasugatan seni ing acara pahargyan temanten (8/9), dumugi ing acara Festifal Kesenian Yogyakarta (2/7) ingkang kaping-22 taun wonten Peken Ngasem Ngayogyakarta.

Paraga Gandewa inggih menika mahasiswa Pendidikan Bahasa Jawa angkatan 2011 lan 2012 ingkang nderekki satunggaling program kerja HIJAU divisi Bakat Minat (Bakmi).  Wonten ing divisi menika ngawontenaken Sanggar Karawitan, ingkang saget nglairaken Gandewa. Para paraga Gandewa inggih menika Ardhani Julian Krisna (drum), Ahmad Hasfi Alhazfi (bass), Andrian Younata (gitaris), Dika Setiawan (kendang), Clara Shinta Anindita A (saron setunggal), Dyah Hanggraeny P (saron kalih), Tejo Mukti Wibowo (demung), Dwi Safitri (bonang barung), Yulita Ekawinajeng (bonang penerus), Djaka Galih Surya (vokal satunggal), Julia Mukti (vocal kalih), saha Arimbiyana (vokal tiga). Para mahasiswa ingkang kalebet ing kelompok menika minangka angkatan kapisan ingkang saget damel nama Gandewa dipunkenal ing masyarakat.
Gandewa kathah dipunremeni kawula muda amargi saget ngemas musik ngagem gamelan jawa ingkang dipungabung kalian band. Gamelan ingkang dipunagem boten sedaya, ananging namung saperangan mawon, kadosta bonang kalih, saron tiga, demung kalih, kalian kendhang. Dene piranti band ingkang dipunagem inggih menika drum, bas, gitar, kalian organ. Uba rempe musik saking tradisional lan modern menika saget ngasilaken swanten ingkang endah. Kawula muda umumipun remen kalian musik ingkang enggal menika. Menapa malih musik ingkang dipungarap inggih menika  arupi pop, keroncong, dangdut, lan campursari.
Para mahasiswa nggabungaken kekalih alat musik ingkang beda  adhedhasar menika salah satunggaling supados para muda-mudi nuswantara saged remen kalian gamelan. Panjangkanipun bilih gamelan saget lestari ing jaman modern menika. Kados dene andharanipun Ketua Hima Jawa UNY nun inggih Mohammad Wahyu  (21/9) “Nggih, mugi-mugi gandewa saget ndadosaken wadhah pemuda supados gamelan jawa saget lestari”. Sampun kathah para mudha ingkang supe dhateng sejarahipun, kathah ingkang ngremeni aliran musik manca. Awit saking menika Gandewa nyamektakaken musik ingkang boten kalah endahipun kalian musik-musik manca.
             Seni tradisi umumipun ngadhepi tantangan ingkang boten sekedhik mliginipun ing era globalisasi menika, ewasemanten Ichwan Januar minangka manajer Gandewa tetep optimis menawi dumugi kapan kemawon seni karawitan (gamelan) boten bakal mati. Kadosta andharanipun ing minggu kepengker bilih karawitan menika tetep wonten, kula lan panjenengan sami kedah saged nguri-uri. Kawula muda, para panerus bangsa, para nom - noman bangsa, kedah nglestantunaken seni karawitan lan gamelan. Kita kedah njagi lestarining budaya Jawa, amrih boten gampil kasusupan budaya asing ingkang saget ngrusak moral bangsa. Saengga sanajan dipripukemawon para mahasiswa Pendidikan Basa Daerah FBS UNY dipunajab saget nderekki njagi. Kanthi menika budaya Jawa ampun ngantos luntur, ampun ngantos putra wayah menika boten tepang kalian gamelan Jawa lan basa Jawa.  Kagem mbukteakken mila masiswa basa jawi nyobi ndamel musik kathi inovasi enggal dhateng gamelan saha alat musik sanesipun. Kasilipun boten nguciwani ing masyarakat menika kathah antusias para warga kagem nderek nyekaraken lagu – lagu ingkang dipungarap.
            Pentas ing masyarakat saget maringi andharan bilih antusias para warga menika kadospundi dateng budaya piyambak. Kados dene Gandewa ing Festifal Kesenian Yogyakarta kala wingi, kathah antusias masyarakat mirsani pasugatan seni manika. Boten namung kawula mudha kemawon, Bapak- bapak, ibu- ibu, remaja, anak-anak dumugi turis-turis ingkang nembe plesir. Lagu-lagu ingkang dipungarap boten namung ing lebet negeri kemawon nanging lagu manca ugi, amargi wekdal menika kathah turis-turis ingkang sami mirsani. Asilipin para wisatawan asing ugi ngremeni musik menika kanthi nderekki nembang. Kanthi mekaten mugi-mugi Gandewa saget ndadosaken para kawula muda dados remen penggerak musik – musik gamelan.
            Kawula mudha ing masyarakat umumipun taksih sekedhik ingkang ngremeni gamelan. Bokmenawi amargi gamelan menika alat musik tradisional ingkang kathah rancakipin, ingkang awrat dipunpindhah-pindhahaken, reginipun awis, lan cara nabuhipun ingkang rumit. Para kawula mudha ugi nggadhahi anggepan bilih menika musik ingkang kuna, ndamel ngantuk lan sakpiturutipun.  Lagu – lagu kados uyon-uyon ingkang ngginaaken sesindhenan umumipun ndamel ngantuk, amargi langgam ingkang dipungarap menika alus, pathet utawi pakem Jawa. Bokbilih menawi nggarap lagu-lagu uyon-uyon menika mawi wirama ingkang ragi rancak, lan dipundamel dangdut, masyarakat langkung saget ngremeni gamelan.  Lagu-lagu gugur gunung, pepeling, randha kempling, ali-ali lansakpitirutipun menika sekedhik tuladha lagu-lagu Jawi adhedhasar uyon-uyon ingkang saged dipunaransemen malih supados saged langkung menarik kawigatosan masyarakat umum lan para mudha ingkang dados penggerakipun. Musik pop ugi saget dipungarap kanthi musik Gandewa kadosta Karena Cinta, Sakura, Happy Ending dumugi tembang kenangan kadosdene Kemesraan. Musik musik menika wonten ing Gandewa ugi wonten ingkang dipundamel Bossanova. Aransemen musik band biasanipun ingkang dados panentu tempo dening drum, ing gamelan menika wonten kendhang. Musik ingkang dipungarap Gandewa mawi kekalihipun, sakwetawis ngagem drum saklajengipun sawetawis ngagem kendhang, miterat aransemenipun. Musik-musik pop kala wau ing tengah- tengah dipunsisipi kendhang dados musik dangdut, lan saget dipundael kados pop malih. Kanthi aransemen menika para mudha kathah ingkang ngremeni nabuh musik gamelan. Saengga anggepan bilih musik gamelan ngantukki lan sanesipun kala wau sageta dipunatasi dening mahasiswa Basa Jawa UNY, lan dados inovasi bilih nggabungaken musik sageta nginggilaken minat kawula mudha supados ngremeni lan nglestantunaken musik-musik daerahipun.
            Musik endah menika saget mawi aransemenipun. Cara ngandharaken musik supados dumugi endah ing para pamiarsa menika dados teknik ingkang wigatos dhatemg para musisi bangsa. Wonten ing Gandewa saperangan garapan lagu dipungarap mawi musik Medley. Musik medley menika kadosdene lagu ingkang dipunkethok-kethok dipunsambung dados satunggal kalian lagu sanesipun. Lagu –lagu pop kadosdene Kau Yang Memilih Aku deing Syahrini dipunmedley bagian reff kalian lagu Anak Sekolah. Menawi dipungarap reff  lagu Syahrini menika ragi mirip mlebetipun kalian anak sekolah. Para pamireng saget nguyu menawi mireng menika lagu saget dipunolah – olah saengga saget pas kalian lagu sanesipun. Teknik menika dados aransemen ingkang endah lan saget nglipur para pamireng musik sedaya mliginipun para remaja. Ananging musik Medley menika namung saget dipuncaosaken nalika ing acara ingkang seneng, guyonan, kirang prayogi menawi dipuncaosaken ing pasugatan ingkang resmi.
            Anggenipun caos pasugatan seni Gandewa nyamaptakaken musik – musik ingkang prayogi kalian acaranipun. Ing acara resmi biasanipun kathah ngginaaken musik – musik pop. Ing acara semi resmi saget tembang kenangan lan campursari. Ing acara pawiwahan lan pahargyan temanten campursari lan dangdut koplo. Acara umum saget ngagem lagu – lagu manca lan bebas. Kathi mekaten kita minanka mahasiswa saget ngecaaken wontenpundi lagu menika saget cocok ing acaranipun saengga boten nguciwani dhateng ingkang kagungan kersa. Kawula mudha ingkang remen ing ranah musik sedaya kedah mangertosi pemilihan lagu kados menika.
            Cara- cara  menika wau ingkang dipunginaaken group musik Gandewa anggenipun caos pasugatan seni ing masyarakat kampus lan ing njawi kampus. Mugi-mugi para kawula mudha ugi nggadhahi cara- cara unik saengga musik Gamelan menika sageta lestari ing jaman – jaman saklajengipun.  Inovasi- inovasi ingkang saget mbangun jiwa budaya dipunbetahaken dhateng bangsa ing jaman sakmenika. Ugi anggepan saking awakipun piyambak kedah wonten jiwa budaya. Jiwa ingkang rumaos nggadhahi gamelan, jiwa ingkang nglestantunaken gamelanlan, jiwa ingkang saged ngginaaken gamelan. Kanthi mekaten gamelan boten saget ical ing jaman modern.




Feature


TEPANG KALIAN DESA TENGANAN BALI

Desa Tenganan inggih menika desa ing Bali ingkang taksih nglampahi pagesangan leluhuripun rumiyin. Kanthi mekaten wonten ing Bali desa menika kasebat kalian Bali Aga utawi Bali asli. Ingkang kasebat Bali Aga sanesipun inggih menika desa Trunyan lan Sembaran. Desa ingkang mapan ing Kecamatan Manggis, Kabupaten Karang asem menika taksih kenthel nglampahi aturan-aturan (awig-awig) tradisional adat Bali.  Ingkang taksih kenthel dipunlampahi inggih menika bab pagesangan ingkang nyakup budaya, basa, lan padamelanipun.
Ing papan menika desa tenganan dipunperang dados tiga desa, inggih menika Tenganan Pegringsingan, Tenganan Dauh Tukad, lan Tenganan Dangin Tukad. Saking ketiga desa menika ingkang kathah dipunrawuhi para wisata inggih menika Desa Tenganan Pegringsingan. Bangunan ingkang wonten ing Desa Tenganan Pegringsingan menika taksih klasik.  Dalem – dalem  dipunbangun thari-tharik asli paninggalaning leluhur kados dene pameran budaya Bali. Dalem bali dipunsebat perumahan karang. Desa ingkang tharik-tharik menika wau ngadhep ing awangan (margi utama).
Budaya Bali taksih kenthel ing Tenganan menika. Desa menika nggadhahi awig-awig ingkang kedah dipunhurmati lan dipunlampahi dhateng sedaya masyarakat  Tenganan. Miterat I Wayan Sunarta (8/10) Tiyang ingkang boten nglampahi aturan adat Bali menika dipunmedalaken saking Desa menika. Aturan adat ingkang taksih kenthel sanget dipunpampahi inggih menika sistem perekonomian mawi barter. Masyarakat Tenganan kanthi umum nglampahi kegiatan ijol-ijolan barang menika. Sanesipun budaya masyarakat Bali anggenipun nikahaken putra- putrinipun kalian pasangan ugi kedah kalian tiyang saking desa Tenganan menika piyambak. Menawi boten saget dipunmedalaken saking Tenganan.
Aturan adat kagem tiyang ingkang sampun balig dipunasmani methathah. lih methathah inggih menika upacara pangur waja. Wajanipun dipunrapeaken, waja taring dipunkikir supados rata lan sami kalian waja seri. Kanthi menika tiyang Bali saget dipunwastani dewasa. Budaya menika menawi ing masyarakat Jawa sami kalian upacara khitanan. Bentenipun menawi ing mrika tiyang boten wonten ingkang dipunkitan, ananging mawi methathah kala wau.
Padamelan penduduk ing Tengganan menika nenun, Masyarakat misuwur kanthi kain tenunipun ingkang sae lan nggadhahi kualitas. Kainipun saget nggadhahi regi nem atus yuta saben satunggal kain. Boten gumun kain ing Tenganan menika kasebat kain klasik, umumipun ingkang mundhut menika para wisata asing. Kainipun ugi boten saget pudar werninipun, saha awet. Padamelan sanesipun inggih menika ndamel kerajinan. Kerajinan menika ngasilaken perabot dalem lan ingkang umum menika saget damel tas. Saben tas reginipun Rp 250.000,00. Menika regi ingkang paling mirah. Penduduk ugi dagang barang- barang antik kadosta topeng Bali, lontar ingkang kagem nyerat, seni hias ing tigan, ngantos dumugi ing pitik. Pitik ingkang dipunsade menika boten asal pitik, ananging saking fisik-ipun pitik menika nggadhahi werni, biasanipun warna ping kalian kuning. Mayarakat ngandharaken bilih pitik menika boten sekedar pitik ananging dipunsebat rajaning pitik.
Menawi tiyang nembe mlampah ing desa Tenganan menika, saget ugi sumerep kalian kewan kebo. Kewan menika boten dipuntali. Menawi dipuntingali kanthi tebih, kebo menika kados dene patung, ananging menawi dipunpirsani kanthi caket menika kebo saestu ingkang sampun manut. Anggenipun bebuang menika wonten ing selokan alit warga. Kados dene kebo ingkang sampun dipunjinaaken dening ingkang nggadhahi. Mungalipun kebo menika boten kagunganipun keluarga ingkang manggen. Kebo menika dhateng piyambak saking alas sak leripun desa menika. Kebo menika boten mesthi wonten ing desa Tenganan, kadhang wonten kadhang ugi boten. Menawi badhe upacara ageng ing saben taunipun, kebo menika saget dhateng piyambak ing upacara supados dipunbelih kagem tumbal. Boten mawi birakkan ananging saget mapan piyambak ing papan mbelehipun. Menika keunikan  ingkang wonten ing desa Tenganan.
Desa ingkang nggadhahi cacah pangarsa keluarga 300 menika kasebat desa ingkang eksotik mawi unsur budaya ingkang wonten. Bok bilih jaman sakmenika sampun ing jaman modern ananging Tenganan tetep saget nglestantunaken murninipun sedaya pagesangan Bali. Menawi piyambakipun pikantuk pamrayogi saking njawi, masyarakat boten langsung pitados. Masyarakat langkung ngurmati lan nyepeng kenceng awig-awig ingkang wonten. Menika salah satunggaling bukti bilih Bali menika nggadhahi budaya adat ingkang inggil lan klasik.


Straight News

SANGGAR KARAWITAN MAHASISWA ENGGAL HIMA JAWA UNY
KAWIWITAN MINGGU MENIKA

Sanggar karawitan ingkang dipunadani dening Himpunan Mahasiswa Basa Jawa UNY (Hijau) kawiwitan saking minggu menika. Rabu, (25/9) kala wingi sampun dipunwiwiti dening mahasiswa enggal dasa perangan kapisan, kalih perangan kalih.
Antusias para mahasiswa enggal Pendidikan Basa Jawa UNY anggenipun ndereki Sanggar Karawitan saget kasebat inggil. Saget katingal saking kathahipun para pandherek ingkang daftar ing sanggar karawitan menika.  Acara ingkang dipunadani dening Divisi Bakat dan Minat (Bakmi) Hijau menika sampun kawiwitan saking kepengurusan taun-taun sakderengipun, ananging ing taun menika nembe saget malih kaleksanan. Muhammad Hasfi mahasiswa Basa Jawi angkatan 2012 minangka koordinator acara menika ngandharaken bilih sanggar menika badhe terus dipunsengkuyung supados saget ngregengaken pasedherekan lan supados Gamelan sageta lestari (25/9).
Sanggar karawitan Hijau minangka salah satunggaling wadah pelatihan bakat babagan gamelan Jawa mliginipun kagem sedaya anggota mahasiswa Basa Jawa UNY. Sanggar menika dipunwontenaken supados mahasiswa saget nyaluraken bakatipun saengga saget makarya lan saget nguri-uri budaya mawi gamelan. Panjangkanipun bilih ingsakmangke sedaya mahasiswa saget nglestantunaken gamelan mawi pasugatan seni karawitan.